Esuk kuwi swasana kelas katon rame. Bocah-bocah padha mlebu kelas kanthi nggawa tas lan buku. Ana sing padha crita karo kancane, ana sing guyon, lan ana uga sing isih mangan jajanan ing ngarep kelas.
Ing salah siji pojok kelas, ana bocah lanang jenenge Yono. Dheweke lungguh dhewekan. Yono durung nduweni kanca cedhak amarga dheweke murid pindhahan saka sekolah liya.
Nalika bel mlebu muni, Bu Guru mlebu kelas.
“Bocah-bocah, dina iki ing kelase dhewe ana kanca anyar. Ayo, dikenalna
dhisik,” ngendikane Bu Guru.
Yono banjur ngadeg ing ngarep kelas.
“Jenengku Yono. Aku pindhah rene amarga Bapakku pindhah tugas ana kene. Muga-muga aku bisa dadi kanca apik kanggo kabeh,” omonge kanthi swara rada grogi.
Bocah-bocah padha ngrungokna, nanging Yono isih rumangsa isin.Sawise lungguh, bocah ing sebelahé nyedhaki.
“Aku Dimas. Yen kowe bingung karo pelajaran utawa durung ngerti lingkungan sekolah, tak bantu,” omonge Dimas.Yono nyawang Dimas karo manthuk. “Matur nuwun, Dim.”
Nalika istirahat, Dimas ngajak Yono menyang kantin.“Yon, ora ning kantin?”
Yono rada mamang. “Aku ora ngerti dalane.”
Dimas ngguyu. “Ya wis, melu aku. Sekolah iki ora kaya alas, kok.”
Dheweke banjur mlaku bareng menyang kantin. Ing dalan, Dimas ngenalake
Yono marang kanca-kancane.
“Ki, iki Yono, kanca anyar.”
"Jenengku Bayu.”
“Aku Fajar.”
“Aku Nanda.”
Yono atine katon seneng lan salaman siji mbaka siji. Suwe-suwe, rasa isin Yono ilang. Dheweke wiwit melu guyon lan crita. Pranyata Yono bocah sing seneng nggambar lan bisa nggawe gambar kartun kanthi apik.
Nalika bali menyang kelas, Bayu njaluk Yono nggambarake dheweke.“Yon, coba gambar aku.”
Yono mangsuli, “Oke. Nanging aja nesu yen asilé elek.”
Kira-kira sak menit, gambar wis rampung.
Bayu ndeleng gambar kuwi banjur bengok.
“Lhooo! Kok irungku dadi gedhe ngene?!”
Kanca-kancane langsung ngguyu.
Yono melu ngguyu. “Iki dudu irung gedhe, Yu. Iki versi hemat kertas.”
Sak kelas dadi padha ngguyu, rame.
Wiwit dina kuwi, Yono ora rumangsa dadi wong anyar maneh. Dheweke wis nduweni kanca-kanca sing gelem nampa lan ngancani.
Yono banjur ngerti yen kenalan ora mung babagan ngerti jeneng, senajan ana unen-unen “Nganggo kotang ora ana lengene, ngaku tepang kok ora ngerti jenenge.” Kenalan minangka wiwitan kanggo mbangun kekancan.
Wiwit saka salam, bisa tuwuh dadi paseduluran. Wiwit saka guyonan, bisa dadi crita dawa babagan kerukunan.
Tamat.










0 Komentar