IKLAN

Iklan Banner

DHUWIT DHEMITDening : Tyas

       Critane Mantri nyuntik anak gendruwo

Esuk iku warung kopi “Mbah Nono” wis rame kaya padatan. Ambune kopi ireng nyebar semerbak, campur ambune rokok kretek. Wong-wong padha lungguh ing dhingklik kayu, ngadhep cangkire dhewe-dhewe. Ana sing maca koran lawas, ana sing mung ngrungokake rembugan.

Pak Dhe Bedor lungguh cedhak karo Mas Carik. Sawise nyruput kopi sapisan, dheweke alon-alon takon.
“Mas Carik, jare Pak Mantri dhek mau bengi kecelakaan, ya?”
Mas Carik karo nyelehake cingkire ing meja.
“Kabare ngono, Pak Dhe. Nanging durung cetha. Jarene kok ning kuburan.”

Wong-wong ing warung padha mandheg ngobrol. Kabeh padha penasaran. Pak 
Mantri kuwi dudu warga desa kono, nanging saben esuk mesthi ngopi ing warung Mbah 
Nono.

Ora suwe, saka njaban warung katon ana montor mlebu. Sing teka jebul Pak Mantri. Raihe katon kesel, nanging isih bisa sumringah. Durung sempat lungguh, Pak Dhe Bedor wis nyeluk.
“Lho, Pak Mantri! Jare panjenengan mau bengi kecelakaan?” 

Pak Mantri ngguyu.
“Kecelakaan piye? Iki malah oleh rejeki. Wis, aja padha kuwatir. Mengko kopine tak bayar kabeh!”

Wong sing ning warung kono langsung gumuyu. Nanging Mas Carik isih penasaran.
“Nanging jare wong-wong kecelakaan ning kuburan kuwi piye, Pak?”

Pak Mantri banjur nyruput kopi sakgelas, ambegan dawa, banjur wiwit crita.
“Mau bengi ana wong teka ing omahku. Dhuwure ngungkuli aku, awake gedhe, 
nganggo jaket ireng. 

Dheweke njaluk tulung amarga anake lara panas. Merga mesakake, 
aku gelem nambani. Aku banjur numpak motor ngetutake wong mau.”

Kabeh wong meneng ngrungokake.
“Bareng tekan omahe, bocah kuwi lagi ngglethak. Awake panas banget. Tak tensi, 
dhuwur tenan. Tak wenehi obat lan langsung tak ombekna ben cepet mari.”

“Wis mari?” pitakone Pak Dhe Bedor.
“Menawa ya mari. Sawise rampung, aku pamitan.” Pak Mantri niru omongane wong mau. “ Pak, pinten biayane?’
‘Pitungdasa ewu mawon. Karepku ya mung nulung.’
‘Inggih, matur nuwun, Pak Mantri. Mangke menawi wonten menapa-menapa, ampun 
noleh nggih…"

Pak Mantri ngusap gulu. Swasana warung saya meneng.
“Aku banjur numpak montor arep mulih. Durung adoh saka kono, dumadakan ana 
swara banter, ‘Nggraaaakkk…!’ saka mburiku.”
Sawetara wong ing warung nganti kaged.

“Aku noleh… jebul motorku nabrak pathok kuburan.” Pak Dhe Bedor ndomblong.
“Kuburan?”
“Ya. Peteng dhedhet. Ora ana omah, ora ana lampu. Motorku tak stater ora gelem urip. Akhire tak tuntun nganti metu saka area kuburan. Bareng wis tekan dalan gedhe, tak stater maneh… eh, langsung urip.”

Kabeh wong padha meneng. Ora ana sing wani nyela. Pak Mantri banjur alon-alon ngelokake dhuwit saka kanthonge karo ngomong, “Iki lho dhuwit bayaran mau mbengi.”

Dhuwit mau didokok ning ndhuwur meja.
Warung dadi sepi. Ora ana swara liyane kajaba angin sing mlebu saka lawang.
“Ealah… jebul sing tak tambani mau dudu bocah lumrah, nanging… anak Gendruwo.”

Ora ana sing ngguyu. Pak Dhe Bedor lan Mas Carik mung padha lirik-lirikan.
Banjur Pak Dhe Bedor ngomong,
“Lha iku rak dhuwite Dhemit Pak Mantri.”








Posting Komentar

0 Komentar