IKLAN

Iklan Banner

Tutugan Ing Ngarsa Ing Tuladha

jawab, lan rasa tresna marang sesami kudu katon ana ing tumindake wong diwasa.
Ing Madya Mangun Karsa nggambarake menawa nalika ana ing tengah-tengahe para siswa, guru ora mung mulang, nanging uga mbangun semangat, gagasan, lan rasa percaya dhiri. 

Guru kudu bisa dadi kanca rembug, paring inspirasi, lan nuwuhake rasa seneng sinau. Pendhidhikan kang becik dudu mung ngoyak angka utawa biji, nanging uga ngrembakakake watak, kaprigelan, lan budi pekerti.

Dene Tut Wuri Handayani ateges saka mburi menehi panyengkuyung lan pangaribawa. Sawise siswa nduweni kaprigelan lan kapercayan, guru cukup nuntun lan menehi panyengkuyung supaya bisa tuwuh lan ngrembaka manut bakat lan kabisané.

Piwulang iki nuduhake menawa pendhidhikan sejati yaiku nuntun, dudu meksa.Ing jaman digital kaya saiki, piwulang Ki Hajar Dewantara saya wigati. Siswa urip ing tengah banjire informasi lan perkembangan teknologi. Mula, guru ora cukup mung dadi sumber kawruh, nanging uga dadi panutan babagan cara migunakaké teknologi kanthi wicaksana, ngajeni kabudayan, lan ngugemi tata krama. (Trm/smjw)

Posting Komentar

0 Komentar