Nalika bumi kebak tangis, lan wengi kebak was-was, pejuang-pejuang maju tanpa pamrih, maju perang kanthi tekad sing wening.
Getih dadi seksi, luh dadi kancaning laku, nyawa dadi korban perjuangan, kanggo kamardikaning bangsa. Ora ana rasa giris, sanadyan swara bedhil nggegirisi, sanadyan pati wis ngenteni, tekad tetep murub sajroning ati.
“Indonesia kudu mardika!” iku swara kang gumludhug ing dhadha, dudu mung unen-unen ing lambe, nanging sumpah sejati marang bangsa.
Pejuang-pejuang wis ninggalake tilas perjuangan ing bumi pertiwiora njaluk piwales, ora ngudi kaluhuran, mung kepengin anak putu urip tentrem ing alam kamardikan.
Saiki kamardikan wis karegem, ora maneh perang nganggo gegaman, nanging perjuangan durung rampung, amarga kamardikan kudu dijaga, lan diisi kanthi pembangunan kang nyata.
Kanthi kawruh lan kabecikan, kanthi gotong royong lan paseduluran, kanthi mantep nggayuh gegayuhan, ayo neruske perjuangane para pahlawan. Merdeka!!!










0 Komentar