Pahlawan Kang Tresna Marang Tanah Wutah Getihe Ing jagading pewayangan, ana raksasa kang gagah prakosa aran Kumbakarna. Dheweke iku adhine Rahwana, raja Alengka. Sanajan awujud raksasa lan kondhang minangka satriya kang nduweni kasekten. Kumbakarna nduweni ati kang becik lan rasa tresna marang nagarane.
Kumbakarna ora seneng marang tumindake Rahwana kang seneng ngandelake kekuwatan kanggo nuruti karepe dhewe. Nalika Rahwana nyolong Dewi Sinta lan nggawa menyang Alengka, Kumbakarna wani menehi pitutur marang kakange.
“Dhuh, Kakang Rahwana, tumindakmu iku ora bener. Dewi Sinta dudu duwekmu. Luwih becik Sinta balekna marang Sri Rama supaya ora ana peperangan lan rakyat Alengka ora dadi korban.”
Rahwana nesu.
“Kumbakarna! Aku iki raja Alengka. Kowe aja mulang aku!”Kumbakarna tetep meneng.
“Aku ora duwe niyat wani marang Kakang. Aku mung pengin Alengka
tentrem lan rakyat ora nandhang sangsara.”
Nanging Rahwana ora gelem ngrungokake.
Ora suwe, perang gedhe antarane prajurit Alengka lan prajurit Sri Rama pecah. Alengka kebak swara geger. Para prajurit padha perang kanggo mbela negarane.
Nalika krungu kabar yen Alengka wis diserang, Kumbakarna banjur tangi saka panggonane. Dheweke ngerti yen kahanan nagarane lagi bebaya.
Adhine, Wibisana, nyoba ngelingake.
“Kakang Kumbakarna, aja melu perang. Tumindake Rahwana pancen salah.”
Kumbakarna mangsuli,
“Wibisana, aku ngerti yen Kakang Rahwana wis tumindak salah. Aku uga wis ngelingake dheweke. Nanging saiki sing dadi pikiranku yaiku rakyat Alengka. Yen perang iki terus, rakyat sing bakal nandhang sangsara.”
Wibisana meneng. Dheweke ngerti yen Kumbakarna dudu mbela tumindak Rahwana, nanging mbela rakyat lan tanah kelairane.
Kumbakarna banjur nganggo sandhangan perang lan njupuk gegaman.
Sadurunge mangkat, dheweke ngucap:
“Aku ora perang amarga sengit. Aku ora perang kanggo ngunggulake pribadiku. Aku maju amarga tanah kelairanku mbutuhake aku.”
Kumbakarna banjur maju menyang paprangan. Sanajan mungsuhe akeh, dheweke ora wedi. Kanthi gagah prakosa,
Kumbakarna ngadhepi prajurit mungsuh. Dheweke terus maju nganti pungkasan.
Ing tengah peperangan, Kumbakarna kelingan marang rakyat Alengka.
“Yen aku kudu ngorbanake awakku kanggo nylametake rakyat, aku kudu wani,” batine.
Pungkasane, Kumbakarna gugur ing paprangan. Nanging gugure Kumbakarna ora mung nggawa rasa sedhih. Jenenge tetep dieling-eling minangka satriya kang nduweni kekendelan, tanggung jawab, lan rasa tresna marang tanah kelairan. (Trim)










0 Komentar