Ing tengahing owah-owahan jaman kang saya maju, donyane pendhidhikan ngadhepi tantangan kang saya abot. Kawruh bisa digoleki kanthi gampang lumantar internet, nanging pitutur babagan tata krama, budi pekerti, lan kapribaden becik isih mbutuhake sosok guru kang sejati. Bab iki wis diwulangake dening leluhur Jawa lumantar Serat Wulangreh , karya agung Sri Susuhunan Pakubuwana IV.
Serat Wulangreh minangka kitab piwulang kang ngandhut tuntunan urip. Tembung wulang ateges piwulang, dene reh ateges tata utawa paugeran. Mula, Serat Wulangreh ngemu piwulang supaya manungsa bisa nglakoni urip kanthi becik lan nduweni watak utama. Salah sawijining piwulang kang paling misuwur yaiku bab guru sejati.
Ing Pupuh Dhandhanggula kasebut ana piwulang:
“Lamun sira anggeguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sokur oleh wong tapa, kang wus tumungkul, tan mikir pawehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.”
Saka tembang kasebut cetha manawa wong kang kepengin sinau kudu milih guru kang becik kapribadene. Guru sejati dudu mung wong kang pinter lan sugih kawruh, nanging uga nduweni budi pekerti luhur, ngerti paugeran, sregep ngibadah, lan bisa nahan hawa nepsu. Luwih becik maneh yen guru iku uripe prasaja, andhap asor, lan ora ngudi pakurmatan utawa ganjaran saka wong liya.
Piwulang iki isih banget cocog kanggo kahanan saiki. Guru ora mung nyekel buku lan nerangake pelajaran ing ngarep kelas. Guru sejati yaiku wong kang bisa dadi tuladha sajrone tembung, tumindak, lan laku uripe. Murid luwih gampang niru tumindak tinimbang mung ngrungokake pitutur. Mula, saben guru kudu tansah njaga integritas, jujur, disiplin, sabar, lan tresna marang para siswa.
Kosok baline, murid uga nduweni kuwajiban ngajeni guru. Rasa hormat marang guru dudu mung tradhisi, nanging minangka wujud syukur marang wong kang wis mbukak lawang kawruh. Kanthi ngajeni guru, ilmu kang disinaoni diajab bisa nggawa berkah lan manfaat tumrap urip.
Ing jaman digital, nalika informasi bisa dijupuk saka endi wae, peran guru sejati malah saya wigati. Teknologi bisa menehi kawruh, nanging ora bisa ngganti tuladhaning urip. Guru sejati ora mung mulang babagan apa kang kudu dingerteni, nanging uga nuduhake carane urip kanthi bener lan migunani tumrap sesami.
Serat Wulangreh ngelingake manawa ukuran guru sejati ora dumunung ing drajat, jabatan, utawa kasugihan, nanging ana ing keluhuran budi, jembar kawruh, lan keselarasan antarane tembung lan tumindak. Piwulang iki pantes dilestarekake supaya donyane pendhidhikan ora mung ngasilake wong pinter, nanging uga manungsa kang jujur, andhap asor, lan nduweni rasa tanggung jawab.
Mula, ayo padha nguri-uri piwulang para leluhur. Guru sejati bakal tansah madhangi dalan urip para siswa, dene murid kang ngajeni guru bakal tuwuh dadi pribadi kang migunani tumrap kulawarga, masyarakat, bangsa, lan agama.










0 Komentar