Esuk kuwi swasana ing SMP Banjarkawat rame kaya biyasane. Bocah-bocah padha mlebu kelas, ana sing guyon karo kancane, ana sing crita babagan dolanan, lan ana uga sing sibuk nyiapake tugas.
Ing kelas VII B ana bocah lanang jeneng Dani. Dani kuwi bocah sing meneng, ora akeh omong, lan rada isin yen kudu miwiti guneman karo wong liya. Dheweke uga durung suwe sekolah ing kono amarga pindhahan saka sekolah liya.
Wiwit sawetara dina mlebu sekolah, Dani kerep lungguh dhewe ing pojok kelas nalika istirahat. Nalika kanca-kancane padha dolanan utawa mangan bebarengan, Dani mung meneng ing bangkune.
Ora mung meneng, Dani uga wiwit diadohi karo kanca-kancane. Yen ana tugas kelompok, ora akeh sing gelem sakelompok karo dheweke.
“Dan, kowe mengko karo kelompokmu dhewe wae,” omonge salah siji kancane.Dani mung mesem, sanajan atine sedhih, dheweke ora gelem nuduhake rasa sedhihe.
Critane, ana bocah wadon jenenge Dina sing nyedhaki Dani nalika istirahat.“Dan, kok saben istirahat kowe mesthi dhewe?” pitakone Dina.
Dani mung mangsuli alon, “Ora apa-apa. Aku wis biasa.” Dina lungguh ing sandhinge.
“Yen kowe ora duwe kanca, saiki aku gelem dadi kancamu.” Dani kaget, koro nyawang Dina.
“Apa kowe ora isin kekancan karo aku?”
“Lha ngapa kudu isin?” wangsulane Dina. “Kabeh wong kuwi padha. Sing penting gelem saling ngajeni.”
Wiwit dina kuwi, Dina tansah ngancani Dani. Yen istirahat, dheweke lungguh bareng. Yen ana tugas kelompok, Dina ngajak Dani supaya melu. Yen ana kegiatan kelas, Dina uga tansah menehi kesempatan marang Dani kanggo melu.
Nanging Dina ora mung pengin dadi siji-sijine kancane Dani. Dheweke kepengin supaya Dani bisa nduweni akeh kanca lan ora rumangsa dhewekan maneh. Dina banjur mikir babagan sawijining cara.
Nalika guru Bahasa Jawa menehi tugas nggawe proyek vlog kelompok . Saben kelompok kudu nggawe vlog babagan lingkungan sekolah. Dina langsung entuk inspirasi.
“Dan, iki kesempatanmu!” kandhane Dina. “Kesempatan apa?”
“Awake dhewe nggawe vlog bareng kanca-kanca liyane. Kowe kan seneng ngedit video. Aku yakin kowe bisa.”
Dani isih ragu-ragu.
“Nanging apa ana sing gelem sakelompok karo aku?”
“Ben aku sing ngajak.”
Dina banjur ngajak kanca-kanca liyane.
Wiwitane ana sing ora setuju, nanging Dina nerangake yen saben bocah nduweni kaluwihan dhewe-dhewe.
“Dani apik yen babagan video lan komputer. Yen dheweke melu, tugas kita mesthi luwih gampang.”
Akhire kanca-kanca gelem gabung.
Nalika nggawe vlog, Raka wiwit nuduhake kemampuane. Dheweke ngajari kanca-kancane carane njupuk video sing apik lan carane nyusun asil rekaman.
“Wah, jebul Dani pinter editing!” kandhane Raka.
“Iya. Yen ngerti saka mbiyen, mesthi wis tak ajak kerja bareng,” Sinta nambahi.Dani mesem, atine seneng amarga sepisanan iki dheweke rumangsa ditampa karo kanca-kancane.
Sawise proyek rampung, bocah-bocah dadi luwih kerep ngajak Dani ngobrol. Yen istirahat, Dani wis ora lungguh dhewe maneh. Ana Raka, Sinta, Dina, lan kanca-kanca liyane sing padha lungguh bebarengan.
Dina banjur ngomong marang Dani,
“Saiki kowe wis duwe akeh kanca, dhewe terus kaya bocah ilang” Dani ngguyu, sajak isin. “Yen ora ana kowe, menawa aku isih dhewekan.”
Dina nyawang Dani karo nyedhak sithik.
“Aku mung mbukak lawang. Sing nggawe kanca-kanca liyane gelem nyedhaki kowe ya amarga kowe wis wani nuduhake sapa sejatine kowe.”
Dani meneng sedhela. Dheweke banjur kandha, “Dina, saiki aku ngerti. Kanca sejati kuwi dudu mung wong sing gelem dolanan bareng nalika seneng. Nanging kanca sejati kuwi wong sing gelem ngancani nalika awake dhewe lagi ora duwe sapa-sapa.”
Dina meneng karo angen-angen omonge Dani.
“Bener. Lan saiki aja nganti ana kanca ing kelas iki sing rumangsa dhewekan maneh.”
Wiwit dina kuwi, Dani ora mung nduweni akeh kanca. Dheweke uga dadi bocah sing luwih kendel lan luwih seneng sesrawungan karo wong liya.
Dina wis menehi piwulang sing prasaja nanging penting: kadhangkala, siji kanca sing tulus bisa dadi wiwitan kanggo mbukak dalan tumuju akeh paseduluran.










0 Komentar