Nalika nglakoni tugas, sedulur loro iki ya padha sregep mulang kebecikan sing sumbere saka piwulang-piwulang luhur agama. Pungkasane dheweke manggon ana ing desa Janjang.
Anane tokoh loro iki pengaruhe gedhe banget, ora mung ing wilayah Blora thok. Ewuon wong-wong sing padha teka saka macem-macem dhaerah, malah ana sing teka sak njabane pulau Jawa.
Saben taun ya ana acara "manganan" utawa sedhekah bumi sing mesthi ditekani ewon wong. Sing teka ora mung wong Blora, nanging yo ana sing teka njaba pulo Jawa.
Ora adoh saka situs Janjang ing sebelah area makam kono ana situs "Tapaan Janjang". Miturut crita, panggonan kuwi biyen dienggo sembahyang lan ngelatih batine Pangeran Jatikusuma & Jatiswara.
Ing jero tapakan ana tanda watu jaman biyen kanggo sujud sembahyang, nganti saiki wong-wong sing teka mrono uga niru-niru melu dzikir lan sembahyang.
Wong-wong sing padha teko mrono sakliyane ziarah uga rekreasi sebab ing tapakaan iku papane dhuwur kaya pegunungan. Watu-watu alami kang endah bisa dadi sesawangan sing nyenengake. Angin sumilir ing tapakan ndadekake rasa ayem lan betah ana kono.
Yen lagi pinuju ing tapakan bisa nyawang sakiwa tengene alas, sawah lan desa, apa maneh yen wayah bengi bisa nyawang kemerlape lampu-lampu.
Ora mokal Tapakan ora mung dadi tujuan ziarah nanging uga dadi tujuan wisata, ora wong lokal sing padha teka wong-wong dhaerah liya padha teka. (LSW/)










0 Komentar