IKLAN

Iklan Banner

SITUS LEMAH DHUWUR, GETAS, KRADENAN Dening : Lambang Satya Wijaya.



Situs saka masa klasik hindhu budha iki manggone nang lemah persawahan cedhak pemukiman ing Dhukuh Lemah Duwur, Desa Getas, Kecamatan Kradenan.

Ing kene ana tumpukan watu sing sisa-sisane bangunan candhi. Isine ana balok-balok watu, pipi undhakan sing pucuke wujude makara, lan watu bundhar.

Awal taun 1997 Situs iki isih isa ditemokake Arca Ganesha, relief Gana, fragmen tembikar sing nyebar, fragmen keramik jaban, duit koin, terak wesi, lan balung kewan.

Pipi undhakan sing ketemu mung siji sisi wae. Ukurane dawa 135 cm, dhuwur 55 cm, lan kandel 30 cm. Ana hiasan medallione.

Anane Arca Ganesha ing situs Lemah Duwur iki nuduhake yen candhi sing tau ngadeg ing Desa Getas kuwi candhine agama Hindhu.
Kegiyatan inventarisasi karo BPCB Jateng bareng Tim Registrasi Cagar Budaya Kabupaten Blora wis klakon taun 2017, nanging saiki komponen bangunane candhi ora kopen lan butuh dilindungi. (LSW/SMJW)

Posting Komentar

0 Komentar