IKLAN

Iklan Banner

GEDHANG, DIGEGET BUBAR MADHANG dening : trimo legowo


Apa mesthi gedhang digeget (dipangan) bubar madhang. Wangsulane “gothak-gathuk mathuk” yen manut pelajaran basa Jawa iki sing diarani “Kerata Basa.”

Kerata Basa iku negesi tembung diothak-athik dhewe, digathak-gathukna dhewe supaya pas utawa cocok karo swarane, nanging uga cocok karo kahanane.

Tuladha maneh “Guru” ditegesi digugu lan ditiru, swarane cocok nanging uga cocok karo kahane. Guru pancen wong sing wajib digugu ngendikane sebab guru mesthi menehi pitutur kang becik. 

Semono uga “ditiru” kabeh kudu niru guru sebab tindak tanduke guru iku maringi conto utawa tuladha marang siswane, mula ana unen-unen “ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa tutwuri handayani”

Ana negesi kerata basa sing kanggo guyon ning ora cocok karo kahanan, Guru ditegesi “Yen Minggu turu. Iki manut swarane bener ning manut kahane ora bener. 

Guru dadi tepa tuladhane para siswa yen Minggu ya ora banjur “turu” senajan prei ora mulang. Negesi kerata basa sing kaya ngene iki luput utawa ora bener senajan manut swarane kaya bener. (35)


Posting Komentar

0 Komentar