IKLAN

Iklan Banner

PITIK WALIK SABA MEJA Dening : Anung

Menawa krungu tetembungan “Pitik walik saba meja” mesthine banjur mikir. Pitik kok saba ing meja, yen nelek piye? Aneh! Iki mung dhapur cangkriman mula kudu aneh yen ora aneh ora cangkriman.

Coba yen pitik walik saba kandhang, wis lumrah, mula ora kena kanggo cangkriman. Pitik walik saba meja apa? Wangsulane Sulak. 

Sulak sing digawe saka lar pitik. Sulak iku dianggep pitik, lha saba meja iku merga dienggo nyulaki meja. Dadi cangkriman Pitik walik saba meja iku batangane (jawabane) Sulak.

Ana maneh cangkriman sing meh padha “Pitik walik saba kebon” utawa “Pitik walik saba dhadhah” tegese apa-apa sing ana ing kebon sing wujude kaya lar pitik. Coba apa? Jawabane “Nanas.” Dadi yen ana cangriman kaya ing ndhuwur jawabane “nanas.”

Nanas kuwi pucuke kaya lar pitik, lan umume nanas iku anane ning kebon utawa dhadhah. Ana maneh cangkriman kaya iki “Sega sakepel dirubung tinggi.” 

Sega sakepel warnane putih, dirubung tinggi, tinggi iku warnane coklat, yen ngrubung sega warnane dadi kaya salak. Mula “sege sakepel dirubung tinggi” batangane utawa jawabane “salak.”

Lan isih ana liyane maneh, kaya ta, nduwe sikil, nanging ora bisa mlaku, nduwe kuping nanging ora bisa ngrungokake lan liya liyane. Cangkriman senajan mung guyonan nanging kanggo nglatih mikir, nanging mikire karo ngguyu (AP).




Posting Komentar

0 Komentar