Anindya iku saka tembung Basa Sanskerta. Basane saiki wis mati, wong sak jagad iki ora ana sing nganggo basa Sansekerta, nanging tembung-tembunge isih dienggo, kaya jenengku iki.
Basa Sansekerta biyen tau dienggo nulis sastra para pujangga jaman biyen ing tanah Jawa, amarga ora kabeh wong Jawa bisa basa Sansekerta mula basa iku dadi mati, sing isih mung tembung-tembunge.
Tembung-tembung Sanskerta apik dienggo jeneng kaya jenengku iki, Anindya tegese “sampurna” (sempurna). Bapakku maringi jeneng aku Anindya ing pangajap supaya dadi bocah sing sampurna, ayu, pinter, budi pekertine apik, ngabekti marang wong tuwa, nusa bangsa lan agama.
Isih ana tembung sanskerta liyane kang asring dienggo jeneng bocah, Diah tegese cahya utawa sunar, yen bocah dijenengake Diah wong tuwane nduweni pangajab supaya dadi bocah sing ketok, manjila, kaya barang sing sumunar.
Ana maneh sing tegese padha sunar yaiku Pradipta, dene tembung Sanskerta sing tegese mulya yaiku Arya. Mangkono tinggalan basa Sansekerta sing kudu dingerteni supaya ngerti teges lan karepe (Tan).










0 Komentar