IKLAN

Iklan Banner

MUTRA BEBEK, AJA MERI Dening : Trimo Legowo


Ana tembung “mutra bebek, aja meri.” Senajan pilihane tembung “putra” 
kuwi ora pas, nanging isih isa dibenerake jalaran tetmbungan iki kalebu 
wilayah sastra. “Mutra bebek, aja meri” iku kalebu wangsalan. Wangsalan iku 
wilayahe sastra, mula nganggo tembung putra tumrape bebek isih bisa 
dibenerake jalaran kanggo mbangun swasana aneh. 

Sak jane sing bener anak bebek utawa “nganak bebek, aja meri.”
Wong jawa kuwi sugih reka-reka, arep ngandhani “aja meri” wae 
nganggo tembung mubeng-mubeng. “Mutra bebek=meri meh padha 
karo meri . Banjur aja “mutra bebek “ ya tegese aja meri ya.

“Jenang gula, ya Mas, mbok aja lali” ukara iki uga wangsalan jeneng gula tegese “gelali” banjur dienggo jalaran ngomong “aja lali.”
Ana maneh “Kukus gantung, sawangen” aku sing lagi nandhang seneng. 

Kukus gantung iku sawang. Sawang sing manggone biasane ing plafon, cendhela, lan panggonan-panggonan sing biasane dienggoni kewan-kewan cilik. Arep nuturi supaya yen pelajaran nggatekake aja guyon dhewe uga bisa nganggo wangsalan kaya ngene “Aja ngembang suruh, prengas-preses wae.” 

Kembang suruh iku jenenge “drenges.” Yen aja ngembang suruh tegese aja prengas-prenges. Ngono wong Jawa kuwi pancen matoh yen dikongkon reka-reka, gothak-
gathuk supaya mathuk lan cocok (35).

Posting Komentar

0 Komentar