Saminjawa, ME - Wangsalan iku salah siji rerengganing basa Jawa kang awujud unen-unen utawa ukara kang ngemot teges sinamun. Tembung kang dikarepake ora kasebut kanthi cetha, nanging diwenehake lumantar pralambang utawa pepindhan. Mula, wong kang ngrungokake kudu bisa ngramut lan nemokake teges kang didhelikake.
Wangsalan kerep digunakake ing pacelathon, karya sastra, tembang, lan pasrawungan sabendina. Kanthi wangsalan, basa Jawa dadi luwih endah, alus, lan nduweni rasa seni.
Salah sawijining cara nggawe wangsalan yaiku nggunakake arané kembang utawa tanduran.Arané kembang bisa dadi pralambang tumrap sawijining tembung utawa maksud tartamtu.
1. Winarti amarga atine alagi ora lega mula raine ngembang kacang. Kembang kacang
jenenge besengut, mula ngembang kacang tegese mbesengut.
2. Tuladha wangsalan liyane saka arané kembang yaiku: Bagas lungguh dhewe, ora ana kancne, banjur diaruh-aruhi Andi. Gas aja ngembang duren,tegese “ndomblong.”
Kaendahan Basa Jawa
Ing wangsalan iki, ngembang duren minangka pralambang kang nuduhake tembung ndomblong, yaiku tumindak nglamun utawa ngalamun tanpa tujuan.
Mula pesen kangdikandhut yaiku supaya aja ngalamun terus utawa ora nggatekake kahanan ing sakupenge. Kanthi sinau wangsalan, para siswa bisa luwih mangerteni kaendahan basa Jawa lan luwih trampil migunakaké basa kang alus lan ngemot piwulang.
Wangsalan ora mung kanggo guyon utawarerenggan basa, nanging uga dadi sarana kanggo ngandharake pitutur kanthi cara kang luwih aluslan nyenengake.
5.Kembang klapa, yen arep sholat menyanga langgar. Kembang jagung, mangkat sekolah nyuwun pangestu.Kembang gedhang, duwe beras wadhahan kanthong.Kembang lombok, wis bar dandan katon menik-menik. (Smjw)










0 Komentar