Paribasan Jawa
Saminjawa , ME - Paribasan Jawa “Becik ketitik, ala ketara” nduweni teges manawa saben tumindak becik, mesthi bakal katon lan oleh pangaji, dene tumindak ala uga mesthi bakal kabukak lan dingerteni wong liya.Paribasan iki ngandhut piwulang luhur, supaya saben wong tansah ngugemi kabecikan, jujur, lan tanggungjawab sajrone nglakoni urip saben dina.
Ing jaman saiki, piwulang iki isih cocog kanggo ditindakake. Nalika ana wong sing
seneng nulungi sapadha-padha, sregep nyambut gawe, lan jujur ing saben tumindak,
kabecikane bakal dirasakake dening wong akeh.
Kabecikan Bakal Diajeni
Sanajan ing wiwitan ora oleh pangalem
utawa ganjaran, suwe-suwe wong liya bakal ngerti lan ngajeni tumindake. Mula,
kabecikan ora bakal ilang tanpa tilas.
Kosok baline, wong sing seneng ngapusi, tumindak culika, utawa ngrugekake wong
liya, uga ora bakal bisa ndhelikake tumindake salawas-lawase. Senajan bisa didhelikake
sawetara wektu, pungkasane kasunyatan mesthi bakal kabukak.
Nalika tumindak ala wis ketara, wong mau bakal kelangan kapercayan saka kulawarga, kanca, lan masyarakat. Mulane, saben wong kudu ngati-ati supaya ora gampang tumindak kang ora becik ing masyarakat.
Mulane, saben wong kudu ngati-ati supaya ora gampang tumindak kang ora becik.
Paribasan iki, uga mulangake yen urip kudu dilakoni kanthi ati kang resik lan budi pekerti kang luhur.
Kudu Diajarke Anak
Ing sekolah, siswa kudu jujur nalika nggarap tugas lan ujian. Ing omah, bocah kudu ngajeni wong tuwa lan gelem mbantu pakaryane. Ing masyarakat,saben wong kudu bisa urip rukun, gotong royong, lan ngajeni hak-hake wong liya. Kanthi mangkono, katentreman lan kerukunan bisa tetep lestari.
Kajaba iku, “Becik ketitik, ala ketara” uga dadi pangeling, supaya aja mung nguber pangalem. Tumindak becik - becike ditindakake kanthi ikhlas, amarga iku wis dadi kuwajiban minangka manungsa. Wong sing nduweni ati ikhlas, bakal ngrasakake katentreman lan rasa seneng, amarga wis bisa migunani tumrap liyan.
Mula saka iku, minangka generasi enom, awake dhewe kudu nglestarekake piwulang luhur warisan leluhur iki. Ayo padha ngulinakake tumindak jujur, disiplin,tanggung jawab, lan seneng tetulung.
Kanthi ngugemi nilai-nilai kabecikan kasebut, awake dhewe bisa dadi pribadi kang berbudi pekerti luhur lan migunani tumrap kulawarga, sekolah, bangsa, lan negara. Piwulang “Becik ketitik, ala ketara” mesthibakal dadi pedoman urip supaya awake dhewe tansah milih dalan kang bener lanngedohi tumindak ala. (Kkg/smjw)










0 Komentar