Napa Niku Kabudayan
Saminjawa, Blora - Kabudayan inggih punika roh ingkang mbentuk jati dhirinipun satunggaling bangsa. Wonten ing salebeting tradhisi, basa, seni, adat istiadat, dolanan rakyat, ngantos teknologi tradisional, kasimpen maneka piwulang saha nilai-nilai luhur ingkang sampun dipunwarisaken saking generasi dhateng generasi. Awit saking punika, nguri-uri kabudayan boten namung ateges njagi warisan para leluhur, ananging ugi ngreksa jati dhirinipun bangsa supados boten luntur katelan owah-owahaning jaman.
Pamaréntah sampun netepaken Undang-Undang Nomor 5 Tahun 2017, babagan Pemajuan Kebudayaan minangka landhesan tumrap upaya nglindhungi saha ngrembakakaken kabudayan nasional. Wonten ing undhang-undhang punika dipunandharaken bilih Objek Pemajuan Kebudayaan (OPK) kapérang dados sedasa unsur, inggih punika tradhisi lisan, manuskrip, adat istiadat, ritus, pengetahuan tradisional, teknologi tradisional, seni, basa, dolanan rakyat, saha olahraga tradisional. Ananging pitakenan ingkang asring medal inggih punika, punapa ananing aturan kemawon sampun cekap kanggé njamin lestantunipun kabudayan?
Kasunyatan ing lapangan nedahaken bilih wangsulanipun dereng. Taksih kathah warisan budaya ingkang dereng kasil dipundata lan dipundokumentasikaken kanthi sae. Sawetawis tradhisi wiwit sirna, amargi regenerasi boten lumampah kados ingkang dipunkajengaken, dene seni saha basa daerah, saya kasisih déning budaya populer ingkang mlebet tanpa winates. Kahanan punika nedahaken, bilih tantangan pemajuan kabudayan, langkung ageng tinimbang namung nyusun aturan.
Rencana Strategis Kabudayan
Regulasi sejatosipun namung dados pondasi. Ingkang langkung wigati, inggih punika kados pundi, aturan kasebut saged dipunlampahi kanthi nyata, ajeg, saha berkesinambungan. Mila, dipunbetahaken Rencana Strategis (Renstra) ingkang boten namung dados dokumen administratif, ananging ugi dados pedoman, tumindak ingkang gadhah ancas ingkang cetha lan saged dipunukur asilipun.
Pendataan saha inventarisasi, dados langkah wiwitan, ingkang boten prayogi dipunlirwakaken. Kabudayan ingkang boten naté dipundata saha dipundokumentasikaken, badhé langkung gampil sirna tanpa tilas. Ing jaman digital kados sak punika, dokumentasi boten cekap awujud seratan kemawon, ananging ugi kedah dipunkembangaken lumantar foto, video, rekaman swanten, saha arsip digital, supados langkung gampil dipunakses, déning masarakat saha generasi enèm.
Kajawi punika, para pelaku budaya, ugi kedah pikantuk kawigatosan ingkang langkung prayogi. Seniman, budayawan, maestro, saha komunitas budaya, minangka pucuking tombak tumrap pelestarian kabudayan. Manawi regenerasi saha pembinaan boten lumampah kanthi sae, kabudayan namung badhé dados cariyos tanpa penerus.
Kabudayan ugi prayogi dipuntingali, minangka salah satunggaling sumber daya pembangunan. Manawi dipunkelola kanthi sae, kabudayan saged dados dhasaring pendhidhikan karakter, ngiyataken jati dhiri daerah, ningkataken sektor pariwisata, saha nyengkuyung tuwuhipun ekonomi kreatif. Kanthi mekaten, kabudayan boten namung kedah dipunlestantunaken, ananging ugi kedah saged maringi paedah nyata tumrap karaharjaning masarakat.
Aturan Mboten Cekap
Nanging, margi tumuju ancas punika boten tanpa alangan. Globalisasi, winatesipun anggaran, kiranging literasi budaya, saha taksih ringkihipun koordinasi antarlembaga dados tantangan ingkang kedah dipunadhepi sesarengan. Mila, pelestarian kabudayan boten saged namung dipunpasrahaken dhateng pamaréntah. Akademisi, komunitas, pelaku usaha, média massa, saha masarakat kedah sami mbangun jejaring, sesarengan ingkang kiyat supados kabudayan tansah gesang, lan saged ngrembaka ing tengahing owah-owahaning jaman.
Kanggé Kabupaten Blora, kabudayan minangka modal sosial saha modal budaya ingkang boten ternilai reginipun. Manawi dipunreksa, lumantar perencanaan ingkang sae, saha kolaborasi sedaya pihak, Objek Pemajuan Kebudayaan boten namung badhé lestari, ananging ugi saged dados salah satunggaling pilar pembangunan daerah, saha sumber karaharjaning masarakat.
Pungkasanipun, nguri-uri kabudayan pancen mbutuhake aturan. Ananging aturan kemawon boten badhé cekap. Kabudayan namung saged lestari, menawi wonten kepedulian, partisipasi, saha tumindak nyata saking sedaya unsur masarakat. Awit saking punika, kabudayan boten namung kanggé dipunèngeti, ananging kedah tansah dipunuri-uri, dipunuripaken, saha dipunwarisaken dhateng generasi ingkang badhé tumeka. Nuwun. (AK/SMJW)










0 Komentar