Wong Blora ki unik. Ngomong e ceplas-ceplos, atine jembar, kabudayane... ya jembar uga. Saiki Pamarintah Kabupaten Blora karo warga padha repot ngopeni obyek kebudayan. Ben ora kalah karo Mall lan TikTok.
Sak perangan sing wis dilakoni dening Pamarintah apa dene pelestari kabudayan, antarane yakuwi :
1. Nyelametke Barang Tuwa Ben Ora Dadi Rongsokan.
Neng Blora ana sak perangan tinggalan kuna kang kasebut cagar budaya, ana situs, bangunan, wujud artefak, uga ana tinggalan awujud tradhisi lisan, ritus, adat istiadat, seni, pengetahuan tradisional, teknologi tradisional, dolanan rakyat, basa lan sak panunggalane, kalebu OPK (Obyek Pemajuan Kebudayaan).
Gak keri ana omah jati lawas sing umure luwih tuwa tinimbang mbah-mbahe tangga. Biyen dideleng sepele. "Ah candi, guwa, situs, nggo dolanan bocah". Saiki didata, difoto, dikira-kira ben isa kanggo wisata.
Pemuda-pemuda saiki pinter. Situs/candi/guwo, bersejarah di resiki, terus diunggah neng IG. Caption e: "Healing neng Candi, ben kaya wong nduwe sejarah" 😂
Jenenge upaya pemajuan kabudayan. Sing penting obyek e ora mung dadi sarang kelelawar.
2. Nguripke Kesenian Ben Ora Kalah karo DJ
Biyen nek ana Tayub, Barongan, Langendriyan, sing nonton mbah-mbah thok. Saiki mulai diguyu neh. Sanggar-sanggar seni padha latihan, diundang neng hajatan, diupload ning YouTube.
Tradhisi Tingkeban, Mitoni, ya diuripake. Ben bocah saiki ngerti, nek ndisik wong tuwa selametan ra mung kanggo mangan enak. Tapi kanggo dunga bareng, lan kanggo ngraketke warga. Pamarintah saiki ya melu nyengkuyung, gelem nyumbang panggung. Lumayan, seniman oleh job, tukang sound system oleh orderan.
3. PR e: Ngajak Bocah Nom Melu
Iki sing angel. Bocah saiki nek kon sinau gamelan, jawab e: "Wis ana DJ mas". Nek kon maca Serat Samin, jawab e: "Wis ana Google mas", nek dijak basa jawa krama jawab e gae basa Indonesia, alesane bahasa persatuan.
Mulane carane kudu diputer. Wayang dicampur musik modern. Situs, candi, guwa digawe spot foto. Cerita Samin digarap dadi komik. Jenenge "ngemas". Sing penting inti ne tetep, kemasan e sing gawe kepencut.
Tutupan
Blora ki ra mung kondhang karo minyak lan kayu jati. Tapi ya kondhang karo wonge sing nduwe prinsip: "Urip kudu lurus kaya wit jati, atine kudu jujur kaya wong Samin".
Pemajuan budaya kuwi ora kudune mewah. Cukup diopeni, diuri-uri, karo diguyoni sithik ben ra kaku. Amarga nek budayane ilang, Blora mung kari jenenge. Tapi nek dijaga, Blora tetep dadi "Bumi" sing nduwe crita. (AK/me)










0 Komentar