IKLAN

Iklan Banner

ARANÉ KEMBANG


Kawruh Aran Kembang
Saminjawa, ME - Masyarakat Jawa nduwèni kawruh lan kabudayan kang sugih, salah sijiné yaiku menehi jeneng mligi, tumrap kembang saka saben tanduran. Ora kabèh kembang mung diarani “kembang”,nanging ana jeneng khusus kang wis diwarisaké turun-temurun. 

Jeneng-jeneng kasebut nuduhaké
kasugihan basa Jawa, lan kawruh para leluhur babagan tetuwuhan. Kembang lombok diarani menik. Kembang iki wujudé cilik, putih, lan bakal dadi woh lombok sawisé ngrembaka.

Kembang klapa diarani manggar. Manggar tuwuh ana ing pucuk wit klapa, lan duwé peran wigati, amarga saka kono bakal metu woh klapa.

Kajaba kuwi, kembang jambe diarani mayang. Mayang jambe kerep dimanfaataké ing upacara adat lan nduwèni teges simbolis tumrap masyarakat Jawa.

Perlu Diwulangake Sekolah
Kembang duren diarani dlongop. Déné kembang pisang diarani otong utawa tuntut. Kembang iki, uga bisa dimanfaataké minangka bahan olahan pangan.

Sabanjuré, kembang jagung diarani sinuwun. Kembang aren diarani dangu.Lan kembang kacang diarani besengut. Saben jeneng kasebut nduwèni ciri khas, lan wis suwe digunakaké déning masyarakat Jawa.

Kanthi sinau arané kembang ing basa Jawa, kita ora mung nambah kawruh ngenani tetuwuhan, nanging uga melu nguri-uri kabudayan lan nglestarekaké basa Jawa, supaya tetep urip lan dikenal déning generasi enom.

Mula, kawruh babagan arané kembang perlu diwulangaké lan dipraktèkaké ing lingkungan kulawarga lan sekolah, minangka pérangan saka warisan budaya bangsa. Déné kembang kopi diarani blanggreng. Ana manèh kembang pace kang diarani nyrewenteh. (Trim/smjw)

Posting Komentar

0 Komentar