IKLAN

Iklan Banner

Gugatan Sejarah lan Politik Kabudayan Saka Cepu, Blora Dening : Mbah Heri ireng – TKSK Sambong

                Kanjeng Gusti Haryo Jipang

Sejarah Harya Penangsang
Saminjawa, ME - Ana unen-unen kuna ing jagat ilmu sejarah sing nganti saiki isih kerep nggawé kitanjenggureng, yaiku, "Sejarah kuwi mesthi ditulis dening para pemenang." Ukara ikidudu mung materi dosen ing ruang kuliah. 

Yen kita gelem moco gagasan kritis sakapara pamikir kaya Michel Foucault utawa Walter Benjamin, kita bakal sadar marangkenyataan sing rada pait. Foucault nate ngelingaké yen kekuasaan kuwi duwe hak istimewa kanggo ndikté apa sing diarani "bebener". 

Sopo sing nyekel kuwasa pamaréntahan, ya dheweké sing nyekel pulpen kanggo nulis abang-ijone masa lalu.Sauntara kuwi, Benjamin kanthi puitis, nanging permati nyebut, yen pawai kemenangane para penguasa kuwi asring ngidak-idak ingatané wong-wong sing dikalahaké.

Ing tanah Jawa, panggung rebutan pulpen sejarah kuwi keton cetha banget ingnarasi runtuhe Jipang. Berabad-abad suwéné, collective memory utawa ingatan kolektif, kita dijejeli karo lembaran Babad Tanah Jawi, sing nulis sosok Arya Penangsang nganggo background tulisan sing warnane peteng, adipati sing brangasan, gampang muring, kejem, lan ambisius. 

Jipang Turunan Majapahit
Potret kuwi nemplek banget, koyo-koyo Jipang mung wilayah pedalaman sing isine para pemberontak, ora ngerti tatakrama politik. Nanging, apa bener sejarah kuwi mung sewates kuwi? Yen kita gelem mundur sithik, miyak kelambu mitos, lan moco arsip alternatif kanthipikiran wening, kita bakal methuki lanskap Jipang kang beda banget.

Jipang dudu wilayah "wingi sore" sing ngadeg mung modal otot. Adoh sadurungé Arya Penangsang dadi panguwasa, Jipang naté kabawah parentah pimpinan wadon sing tangguh lan isih trah kusuma rembesing madu, yaiku Ratu Ayu Retno Kumolo, putri saka Prabu Brawijaya V. 

Lan saka garis keturunan Majapahit sing sah iki, Raden Kikin— sing tembé mburine kondhang dadi Pangeran Seda ing Lepen—lan putuné, Arya Penangsang, dadi pewaris sah Demak sing nduweni punjer saka Majapahit.
Jipang sejatiné kadipaten sing mapan, makmur ing pinggiran Bengawan Solo, lan nduwé sistem administrasi sing kinurmatan. 

Nalika Arya Penangsang ngliga keris, panjenengané ora nindakaké pemberontakan, panjenengané lagi nuntut keadilan amarga Ramané disedani Demak, demi rebutan tahta. Nanging, amarga roda politik muter lan Pajang sak turuné sing dadi pemenang, narasi Jipang didekonstruksi, supaya mung nyisakake stigma negatif, sing bertahan nganti atusan tahun lawasé.

Siasat Politik Kabudayan
Nah, saka kéné wilayah Cepu lan Blora saiki, duwé momentum emas kanggo dolanan siasat, sing diarani politik kebudayaan (cultural politics). Politik kebudayaan ing kene, mesthiné dudu urusan dukung -mendukung ing Pilkada, utawa rebutan kursi kekuasaan praktis. 

Iki minangka siasat, sebuah gerakan kesadaran kanggo ngrebut bali, hak nyritakaké awaké dhéwé. Sakwéné iki, Blora lan Cepu kerep dianggep marjinal utawa "pinggiran" ing peta kabudayan Jawa Tengah, kaya - kaya ‘ki pusat peradaban agung mung darbeké "Vorstenlanden" (Yogyakarta lan Surakarta). Durung maneh anané sisa-sisa mitos utawa pantangan mistis masa lalu sing kadhangkala malah mbelenggu mentalitasé masyarakat kita.

Liwat politik kebudayaan, masyarakat lan pamaréntah daerah Cepu-Blora bisanindakaké serangan balik kang elegan liwat jalur edukasi lan pariwisata. Kaping pisan, kanthi maos ulang sejarah Jipang kanthi obyektif, Cepu - Blora lagi mbangun collective memory anyar, yen Kanjeng Gusti Pangeran Haryo Penangsang kuwi, ahli waris saka wilayah sing kendel, duwé prinsip, lan duwé oyot historis sing kuwat saka trah Majapahit, nganti dadi santri kesayangan Sunan Kudus.

Sunan Kudus kuwi Senopati, nanging uga sufi, mangsa ana mulang murid kang nrajang bebener. Kaping pindho, narasi iki bisa dikemas, dadi komoditas diplomasi budaya sing ajiné luhur banget. Revitalisasi situs Jipang Panolan, nggawé festival budaya tahunan, nganti sing paling penting yaiku, nggawé penerbitan literatur sejarah lokal, sing kritis bakal ngowahi stigma "daerah pinggiran" dadi pusat kajian sejarah alternatif, kang becik mungguhing para akademisi lan wisatawan.

Sejarah pancen ditulis dening para pemenang ing zamané. Nanging, ruang masa saiki tansah tinarbuka, kanggo sopo waé sing nolak tunduk marang crita versi pemenang. Kanggo Cepu lan Blora, ngrumat ingatan babagan Jipang kuwi duduming urusan romantisasi masa lalu, nanging dadi pancatan kang kokoh kanggo lumaku nyambut masa depan kanthi jejeg. Suwun. (Her/smjw)

Posting Komentar

0 Komentar