IKLAN

Iklan Banner

BUPATI ARIEF NDHEREK NGRESMEKAKE KOPERASI DESA MERAH PUTIH

Bupati Arief Rohman ndampingi Danrem Makutarama ngresmekake KDMP sa Blora ing Kopdes Trembulrejo, Kecamatan Ngawen

Ngresmekake KDMP Blora
Saminjawa, ME– Bupati Blora, Arief Rohman melu ngresmekake Koperasi Desa Merah Putih (KDMP) ing Kabupaten Blora. Kegiatan kasebut dadi salah siji pambudidaya pemerintah kanggonguwataké ekonomi desa lan ningkataké kesejahteraan masyarakat.

Ing kegiyatan kasebut, Bupati Arief nyampekaké yèn anané KDMP dikarepaké bisa dadisarana kanggo ngembangaké potensi ekonomi ing saben desa. Koperasi iki ora mung dadipapan kanggo kegiyatan simpan pinjam, nanging uga bisa dadi pusat pangembangan usahadan pemasaran produk unggulan desa.

Bupati Arief uga ngaturaké pangajab, supaya para Kepala Desa lan Pengurus Koperasi bisa ngelola KDMP kanthi transparan, profesional, lan tanggung jawab. Miturut panjenengané, koperasi sing dikelola kanthi becik, bakal bisa nyengkuyung tuwuhé ekonomi rakyat, lan mbukak lapangan kerja kanggo masyarakat desa.

Bupati Blora, Arief Rohman, Danrem Makutarama Salatiga lan Ketua DPRD Blora, Mustopa nggunting pita ngresmekake KDMP

Mbangun Ekonomi Desa
Peluncuran KDMP ing Blora, ditandhani kanthi diresmikaké puluhan gerai lan sarana pendukung koperasi. Program iki dadi bukti nyata, komitmen Pemerintah Kabupaten Blora kanggo nguataké ekonomi kerakyatan, kanthi dhasar gotong-royong lan guyup rukun.

"Kanthi anané Koperasi Desa Merah Putih, diarep-arep desa-desa ing Kabupaten Blora bisa saya mandhiri, maju, lan mampu ningkataké kesejahteraan warga kanthi nggunakaképotensi saben desa." kandhane Bupati Arief. (Hms/me)

Posting Komentar

0 Komentar