IKLAN

Iklan Banner

Bupati Arief : Pejabat Sing Dilantik Iki Murni, Ora Ana Dol Tinuku Jabatan

Sumpah janji Pejabat nalika dilantik dening Bupati Arief Rohman ning Pendhopo 

Pelantikan Pejabat Administrator
Saminjawa , ME – Bupati Blora, Arief Rohman nglantik lan njupuk sumpah jabatan marang 191 pejabat administrator, pejabat pengawas, lan pejabat fungsional ing lingkungan PemerintahKabupaten Blora, Rebo (13/5/2026). Pelantikan kasebut dianakake ing Pendhapa RumahDinas Bupati Blora.

Pejabat sing dilantik dumadi saka 22 pejabat administrator setingkat sekretaris dinas lancamat, 48 pejabat administrator setingkat kepala bidang lan kepala bagian, sarta parapejabat pengawas lan pejabat fungsional liyane. 

Pelantikan iki minangka bageyan saka pambudidaya, kanggo penyegaran organisasi lan ningkatake kualitas layanan marang masyarakat.

Bupati Blora, Dr. H. Arief Rohman ngandhake yen pejabat sing lagi wae dilantik murni seleksi kompetensi ora ana dol tinuku jabatan

Ora Ana Dol Tinuku
Ing sambutane, Bupati Arief Rohman negesake, manawa proses mutasi lan promosi jabatan ditindakake kanthi profesional lan adhedhasar kabutuhan organisasi.

Panjenengane uga wanti-wanti supaya ora ana praktik jual-beli jabatan ing lingkungan pemerentahan.

“Yen ana sing njaluk dhuwit utawa njanjekake jabatan kanthi imbalan tartamtu, enggal lapormarang aku,” ujare Bupati Arief.

Kudu Ngemban Amanah 
Bupati uga ngajak para pejabat sing lagi dilantik supaya bisa ngemban amanah kanthi tanggung jawab, disiplin, lan nduweni integritas kang dhuwur. 

Kajaba iku, para pejabat diajab, bisa nggawe inovasi supaya pelayanan publik saya apik lan pembangunan ingKabupaten Blora bisa lumaku kanthi luwih cepet.

Pelantikan kasebut diarep-arep bisa nambah semangat para Aparatur Sipil Negara (ASN) ingKabupaten Blora kanggo ngladeni masyarakat kanthi luwih becik lan profesional. (Hms/smjw)




Posting Komentar

0 Komentar