Pengurus Percasi Kabupaten Blora, nganakake Turnamen Catur Pelajar tingkat Kabupaten Blora, tujuane kanggo nggolek bibit - bibit unggul lan anyar teka pelajar putra putri Blora
Turnamen Catur Pelajar
Saminjawa, Me - Ketua PERCASI Kabupaten Blora, M. Ali Rozaq, ngandharake yèn turnamen iki ora mung kanggo nggolek juwara, nanging uga minangka papan kanggo nemokake bibit-bibit atlet catur enom kang nduwèni bakat. Miturut panjenengané, para juwara mengko bakal disiapake kanggo makili Kabupaten Blora ing ajang Kejuaraan Provinsi (Kejurprov) Catur Junior Jawa Tengah 2026 ing Sukoharjo.
Pecatur Cepu Unggul
Ing turnamen iki, para pecatur enom saka Cepu katon unggul. Salah sijiné yaiku Cakti Rajasa Dananjaya Soedarsono, siswa SD Negeri 3 Balun, kang kasil dadi juwara kapisan kanthi entuk 6,5 poin.
Prestasi iki diarep-arep bisa dadi panyemangat tumrap para siswa liyane, supaya luwih sregep latihan olahraga catur.
Kanthi dianakake turnamen iki, PERCASI Kabupaten Blora ngarep-arep bisa terus
ngembangake olahraga catur lan nglairake atlet-atlet enomkang bisa ngarumake jenenge
Blora ing tingkat provinsi lan nasional. (rome)










0 Komentar