IKLAN

Iklan Banner

UNGGAH UNGGUH BASA: IJIN KULA BOTEN RAWUH


Ning Warung Kopi
Wayah sore, warung kopi ing pojok desa katon rame. Sawetara wong padha lungguh ngubengi meja, ngombe kopi lan rembugan manéka warna perkara.

Pak Joko, guru basa Jawa, lagi nyruput kopi nalika HP-ne muni. Ana pesen saka salah sawijining muridé.

Pak Joko mesem cilik banjur nuduhake pesen kuwi marang kancane, Pak Wiryo.“Niki lho, Pak Wir. Bocah saiki wis seneng nggunakaké basa krama, nanging kadhangkala isih salah unggah-ungguhe,” ngendikane Pak Joko.

“Pak, ijin kula boten rawuh amargi tindak Semarang.”

Pak Wiryo maca pesen kuwi banjur manthuk-manthuk. “Lha salahé ing endi, Pak?”

Tembung Salah Nganggo
Pak Joko banjur njlentrehake, “Tembung rawuh kuwi basa krama kanggo ‘teka’.Tembung kasebut biasane dienggo kanggo ngajeni wong liya, dudu kanggo awake dhewe.”

Pak Wiryo ngguyu. “Oalah, dadi yen ngomong babagan awake dhewe ora kena nganggo tembung rawuh, ya?”

“Inggih. Menawa murid arep njaluk idin amarga ora bisa teka sekolah, sing luwih trep yaiku, Ijin kula boten saged dugi amargi kesah Semarang utawa Ijin kula boten saged mlebet sekolah.”

Ing wektu kuwi, ana bocah enom sing lungguh ing meja jejere melu nyemak rembugan mau
“Nggih, Pak. Kula asring krungu wong matur, kula badhe rawuh, jebul ugi kirang leres,nggih?”

Pak Joko ngguyu alon.
“Ya, kuwi salah siji tuladha basa sing ora trep. Menawa kanggo awake dhewe luwih
becik nganggo tembung dhateng, dugi, utawa dugi manut ukarane.”

Sinau Basa Jawa
Bocah enom kuwi banjur nyathet ing HP-ne.
“Wah, matur nuwun, Pak. Samenika kula langkung mangertos menapa ingkang
dipunwastani unggah-ungguh basa.”

Pak Wiryo banjur ngangkat gelas kopine.
“Ya, sinau basa Jawa iku ora mung ngapalake tembung krama lan ngoko, nanging uga
kudu mangerteni papan panganggone.”Pak Wiryo banjur ngangkat gelas kopine.

“Ya, sinau basa Jawa iku ora mung ngapalake tembung krama lan ngoko, nanging uga
kudu mangerteni papan panganggone.”

Kabeh wong ing warung kopi padha manthuk sarujuk. Saka rembugan prasaja ingwarung kopi sore iku, kabeh dadi éling manawa nggunakaké basa Jawa kudu nggatekaketata krama lan unggah-ungguh supaya ora kliru teges lan panganggone. (Trim/smjw)

Posting Komentar

0 Komentar