Rapat Mbangun Kampus
Saminjawa, ME – Pamaréntah Kabupaten (Pemkab) Blora terus ngupaya nyepetake bangunan kampus Universitas Negeri Yogyakarta (UNY) ing Kabupaten Blora.
Bab iki dirembug sajrone rapat koordinasi kang dipimpin Wakil Bupati Blora, Hj. Sri Setyorini, ing Ruang Rapat Wakil Bupati Blora, Senin (25/5/2026). Rapat kasebut, ngrembug supaya bangunan cepet rampung, dokumen perizinan lan administrasi minangka syarat madegé kampus, kalebu Berita Acara Serah Terima (BAST) hibah tanah saka Pemkab Blora marang pihak UNY.
Rapat kasebut dirawuhi déning Direktur Direktorat Prasarana, Sarana, lan Aset UNY, Prof. Dr. Ir. Slamet Widodo, bebarengan karo jajarane, sarta Organisasi Perangkat Daerah (OPD) ing lingkungan Pemkab Blora, antarané DPMPTSP, Rumkimhub, BPPKAD, PUPR, Dinas Lingkungan Hidup, Bagian Hukum, lan Bagian Pamaréntahan Setda Blora.
Dokumen Cepet Dirampungke
Wakil Bupati Sri Setyorini, njaluk supaya kabèh pihak sing magepokan, bisa nyepetake lan ngrampungake dokumen sing isih durung rampung. Miturut panjenengané, dokumen-dokumen kasebut, kudu enggal dirampungake, supaya target madegé kampus UNY ing Blora bisa cepet kawujud.
Sawetara dokumen sing dadi prioritas yaiku panyusunan BAST, Nomor Induk Berusaha (NIB) lan KBLI, analisis dampak lalu lintas (amdalalin), rekomendasi Lahan Sawah Dilindungi (LSD), lan persetujuan lingkungan.
Kanggo nyepetake proses administrasi, Pemkab Blora lan pihak UNY mbagi tugas. Pangurusan BAST lan sertifikat bakal ditindakake déning pihak UNY, déné draf BAST lan pelimpahan aset disiapake déning Pemkab Blora.
Buka 5 Prodi
Ing rapat kasebut uga diandharake yèn Kampus UNY Blora direncanakake mbukak limang program studi. Saben program studi kira-kira nampa udakara 60 mahasiswa saben angkatan, mula saben taun bakal ana watara 300 mahasiswa anyar. Sajrone limang taun, jumlah mahasiswa kira-kira bisa tekan 1.500 wong.
Kampus UNY Blora mengko bakal madeg ing lahan ambané 8,7 hektar duwèké Pemkab Blora sing mapan ing ngarep Pasar Rakyat Sido Makmur. Ing tahap wiwitan, pambangunan bakal difokusake kanggo gedhung tingkat papat lan direncanakake diwiwiti ing taun 2026.
Déné nampa mahasiswa anyar dijadwalake diwiwiti ing taun 2027. Ngadeke kampus UNY ing tlatah Blora Kota, banget dienteni karo masyarakat, diajab bisa ndadekake Blora dadi kota pendhidhikan sing dhuwur, lan bisa nekakake investasi ning bidhang liyane. (Hms/smjw)










0 Komentar