IKLAN

Iklan Banner

Bunda PAUD lan Bupati Arief Resmikake Gedhung PAUD Anyar

Bunda PAUD Kabupaten Blora, Ainia Shalichah dalah Bupati Arief Rohman ngresmekake gedhung PAUD anyar

Resmekake Gedhung PAUD
Saminjawa, ME – Bunda PAUD Kabupaten Blora bebarengan karo Bupati Blora, Arief Rohman, ngresmekake gedhung PAUD anyar, minangka pambudidaya kanggo ningkataké mutu pendhidhikan anak usia dini ing Kabupaten Blora. 

Kegiyatan kasebut dadi wujud kawigatèn
pamaréntah marang pentinge pendhidhikan wiwit cilik kanggo nyiapaké generasi kang pinter lan nduwèni budi pekerti luhur.

Ing kegiyatan kasebut, Bupati Arief ngandharaké yèn PAUD nduwèni peran kang wigati minangka pondhasi pambentukan karakter lan kaprigelan bocah. 

Pemkab Blora Nyengkuyung
Mula, Pamaréntah Kabupaten Blora terus nyengkuyung supaya sarana lan prasarana pendhidhikan luwih apik. Bunda PAUD Kabupaten Blora, Ibu Ainia Shalichah uga ngajak para guru, wong tuwa, lan masyarakat supaya bebarengan, mbangun lingkungan sinau kang nyenengaké, kanggo bocah-bocah. 

Miturut panjenengané, pendhidhikan anak usia dini ora mung dadi tanggung jawab guru, nanging uga mbutuhaké panyengkuyung saka kulawarga lan masyarakat.

Kanthi diresmikaké gedhung PAUD anyar kasebut, diajab layanan pendhidhikan anak usia sansaya apik mutune. (Hms/smjw)

Posting Komentar

0 Komentar