IKLAN

Iklan Banner

Bupati Arief Nyuwun Pengelolaan Baznas Trawaca Lan Jujur

Bupati Arief Rohman maringake santunan kangge 815 anak yatim Blora sing dananipun  saking program Gastra Baznas

Gebyar Gastra Baznas
Saminjawa, ME - Pamrentah Kabupaten Blora bebarengan karo Badan Amil Zakat Nasional (Baznas) Kabupaten Blora nganakake kegiyatan “Gebyar Gerakan Subuh Sejahtera” (GASTRA) 10 Muharam 1448 Hijriyah lan menehi santunan marang 815 bocah yatim ing Pendhapa Omah Dinas Bupati Blora, Kemis (25/6/2026).

Acara kasebut dirawuhi dening Bupati Blora Arief Rohman lan Wakil Bupati Blora, Sekda Kabupaten Blora, Kepala Dinas Pendidikan, kabeh kepala SMP, Korwil Bidang Pendidikan sa-Kabupaten Blora, lan tamu undangan liyane.

Ana ing sambuatané, Bupati Arief Rohman ngaturake panuwun amarga Program GASTRA bisa lumaku kanthi becik lan menehi paedah nyata tumrap masyarakat. Wiwit dianakake tanggal 3 Agustus 2025, program kasebut wis kasil nyalurake santunan marang 2.657 wong sing mbutuhake.

Wabup Sri Setyorini ugi ndherek maringake santunan saking program Gastra Baznas

Semangat Peduli Sosial
Bupati uga ngajak supaya Program GASTRA saya dingembakakake kanthi cara ASN, BUMN, BUMD, lan para pengusaha ing Kabupaten Blora melu nyengkuyung kabeh. Miturut panemune, semangat gotong royong lan semangat peduli sosial kudu terus diuri-uri supaya luwih akeh masyarakat sing bisa nampa paedah saka program kasebut.

Kajaba iku, Bupati Arief negesake pentinge transparansi ing pengelolaan lan panyaluran dana zakat, infak, lan sedekah dening Baznas. Panjenengane malah njaluk media massa supaya melu ngawasi lan nyebarake informasi marang masyarakat, supaya kabeh dhuwit sing dikumpulake bisa dipertanggungjawabake kanthi transparan.

“Pengelolaan lan panyaluran zakat, infak, lan sedekah kudu ditindakake kanthi transparan. Media uga kudu melu ngawasi supaya masyarakat ngerti lan bisa menehi pambiji langsung,” ngendikane Bupati Arief.

Migunani Tumrap Kamanungsan
Ketua Baznas Kabupaten Blora, H. Sutaat, nerangake manawa Program GASTRA wis dadi gerakan sosial sing migunani ing babagan kemanusiaan, kesehatan, pendidikan, lan pemberdayaan ekonomi masyarakat.

Ing babagan pendidikan, Baznas wis menehi beasiswa marang mahasiswa lan santri, dene ing babagan kesehatan wis mbiyantu mbayar iuran BPJS kanggo warga kurang mampu.

Lumantar Gebyar GASTRA 10 Muharam iki, santunan kanggo 815 bocah yatim diajab bisa nambah semangat gotong royong lan semangat peduli sosial masyarakat Kabupaten Blora supaya kesejahteraan bebarengan bisa kasembadan. (Hms/Smjw)

Posting Komentar

0 Komentar