IKLAN

Iklan Banner

WONG KALANG BLORA, KABUDHAYAN ASLI WIWIT JAMAN MEGALITIKUM dening Lambang Satya Wijaya

Kubur Watu Wong Kalang ing tlatah Gunung Ponthang, Desa Bleboh, Kecamatan Jiken

Wong Kalang
Saminjawa, ME - Rikala kita mbuka mbah googel lan takon apa ta wong kalang iku,, kang metu akeh akehe mung crita kang ora cetha lan tanpa adedhasar panaliten kang ana tanggung jawabe.

Wong kalang nduwe buntut , keturunan asu lan sapiturute iku jan jane ya mung crita kang ora ana dhasare.

Tulisan iki muga isa nambahi pangerten bab wong kalang , manungsa lumrah , leluhure wong jawa kang nduweni kabudhayan dhuwur, kang wis ana sadurunge jaman Hindhu, salah siji tinggalan arkeologi Wong Kalang Blora yaiku Kubur Watu Wong Kalang.

Kubur Watu Wong Kalang ana ing kawasan Gunung Ponthang, Desa Bleboh , Kecamatan Jiken , Kabupaten Blora, struktur Kubur Watu Wong Kalang kang ana ing kawasan Gunung Ponthang, Desa Bleboh , Kecamatan Jiken , Kabupaten Blora, yaiku sawijining bukti sunrambahing kabudhayan masarakat blora mulai jaman biyen. 

Tinggalane Wong Kalang sing tinemu ing Kubur Watu Wong Kalang ning Desa Bleboh

Jaman Megalitukum
Adedhasar sawetara riset kang wis ditindakake para winasis, nyatakake menawa kabudayan Wong Kalang iki wis ana wiwit masa megalitikum sawatara 2500 taun kepungkur, lan terus berlanjut nganti ngleboni masa klasik Hindu Budha nganti masa kolonial. 

Struktur kubur watu ing Desa Bleboh dhewe karo artefak sangu kubur, alat tani, raja brana , gerabah, keramik lan sapiturute kang tinemu, diperkirakake asale saka masa Dongson ngasi akhir masa majapait ing kisaran Abad 15.

Sebaran tata cara ngubur kaya iki, karo kubur mujure kulon wetan, tinemu ing meh 16 Kecamatan kang ana ing Kabupaten Blora. , lan struktur kubur watu ing Gunung Ponthang Desa Bleboh iki, wis ditetepake dadi cagar budaya dening Bupati Blora ing taun 2021.

Kanti gelem nyinaoni bukti - bukti kang ana, 
kawula mudha anak putu isa mangerteni, kaya apa dhuwure kabudhayan masyarakat Blora, wiwit jaman megalitikum ngasi saiki, nuwun. (Lkmn/smjw)

Posting Komentar

0 Komentar