Dening : Lambang Satya Wijaya, adhedasar SIGARDA Blora ( Sistem Informasi Cagar Budaya Blora )
Pocut Meurah Intan
Saminjawa, - Makam Pocut Meurah Intan ana ing desa Temurejo, sawatara 5 km arah lor Alun-alun kutha Blora, lan wis ditetepake dadi cagar budaya dening Bupati Blora ing taun 2021.
Sabenere ing taun 2001, Pamarentah Provinsi Aceh pancen tau duwe rencana mindhahake jisim Pocut menyang Aceh, nanging rencana iku batal, amarga adhedhasar wasiat Pocut marang RM Ngabehi Dono Muhammad, salah siji mitrane, Pocut Meurah Intan luwih remen dikubur ing Blora.
Sapa Ta Pocut Meurah Intan kui?
Pejuang kang sempet oleh jejulukan dadi MOST WANTED PERSON saka penjajah Walanda iki yaiku Puteri saka kulawarga bangsawan ing tlatah Aceh, saka jenenge wis bisa dibadhek, Pocut Meurah yaiku jeneng ulem , jejulukan utawa gelar khusus mligi kanggo anak wadon keturunan kulawarga Sultan Aceh.
Pocut Meurah Biheu, mangkono piyambake kulina diulemi. Biheu yaiku siji kenegerian kang ing masa Kasultanan Aceh ana ing ngisoring tlatah kraton sagi mukim, aceh gedhe.
Perang Lawan Walanda
Bareng bojone, Tuanku Abdul Majid, piyambake kondhang dadi Tokoh saka Kasultanan Aceh kang paling anti Walanda,
manut cathetan sajarah, perjuangane kedadeyan ing akir Abad 19 tekan wiwiting Abad 20.
Ing 11 november 1902, piyambake dikepung dening serdadu mligi Walanda saka Korps Marchausse. Ing sajroning bandha yudha, kena loro tetakan tatu ing sirah, loro ing bahu, siji urat bathuk lan otot kencet pedhot, turon ing lemah kebak karo getih lan blethok, nanging piyambake tetep ora nyerah.
Rencong isih digegem kenceng ing tangane.
Saiki artefak rencong iku, disimpen ana ing museum Rumah Artefak Blora. Sengkuyung pantang menyerahe dikagumi banget Walanda. Malah Veltman, panggedhe korps marcchausse menehi gelar HELDHAFTING (kang gagah tur wani), marang Pocut Meurah Intan.
Adhedhasar layang keputusan pamarentah hindhia walanda, tanggal 6 mei 1905, no. 24,
piyambake karo putrane, tuanku budiman, lan siji anggota kulawarga kasultanan karan tuanku ibrahim diselong menyang blora, jawa tengah.
Pocut meurah intan bali ing ngarsane gusti Allah ing tanggal 19 september 1937 ing blora lan dikubur ing kana. Saiki jenenge kinurmatan dadi jeneng Taman Alas Raya Pocut Meurah Intan ing seulawah, aceh gedhe. (Lkm/smjw)










0 Komentar