Nuwun kawula nuwun,
wonten ing KACA BENGGALA ingkang sepindhah menika, mangga sami ngudarasa bab ingkang kita pirsani saben dinten wonten ing bebrayan.
Asring kula lan panjenengan sami miyos kathah madosi lan ngendikakaken alanipun tiyang sanes ,
naming kagem nutupi kekirangan dhiri.
mboten wonten ingkang sempurna kejawi Gusti.
Bilih menika kula lan panjenengan mangertosi, mila kula lan panjenengan lajeng sadar menawi mboten wonten ginanipun madosi kelepatan tiyang sanes.
Langkung sae bilih kula lan panjenengan madosi kekirangan dhiri , nginggahaken prestasi supados miyos manfaat kagem sesami.
kados menika ugi lebeting kula lan panjenengan nyambut damel ,
wonten pundia kula lan panjenengan nyambut damel ,
mila ingkang dipunbetahaken inggih menika kesagahan lan kamampuan nyambut damel ingkang sae , boten namung sae dinulu, ananging ugi cetha manfaatipun tumrap masyarakat .
menapa malih bilih kula lan panjenengan nyambut damel dados asn ingkang digaji dening rakyat.
ingkang kula lan panjenengan utamikaken kedahipun inggih menika nyambut damel adedhasar wewaton ingkang sampun kadhawuhaken nagari , sanes saking pepinginnan pribadi.
supados rakyat mboten kita sugihi bilih kula lan panjenengan naming dados manungsa ingkang numpang gesang mulya , gaji lan tunjangan inggil , tanpa prestasi.
wekdal menika kathah wonten media sosial nampilaken para asn ingkang naming saged pamer kesugihan , nyambut damel kados naming ndamel klub arisan , nyambut damelipun naming ngurusi urusan pribadi tiyang sanes ,
sedaya naming kagem nutupi kekirangan kamampuan dhiri salebetipun nyambut damel.
sumangga kula lan panjenengan sami sinau tanggel jawab kaliyan ingkang paring gaji dumateng kula lan panjenengan.
sumangga kula lan panjenengan tedahaken menawi kula lan panjenengan dados pangreh praja menika amargi estu patut tuwin pantes. .
sanes naming amargi kula lan panjenengan kaleresan dados sadherek salah setunggaling priyantun misuwur, utawi amargi kula lan panjenengan mijil asalipun saking kaluwargi ingkang gadhah emas picis raja branan ingkang tirah tirah.
mangga sedaya tansah emut bilih kula lan panjenengan anggadahi tanggel jawab tumrapipun putra wayah kula lan panjenengan, supados wonten ngajeng putra wayah kita sami anggadahi gesang ingkang langkung mulya lan miyos kagungan kualitas.
Nuwun, Mugi tansah rahayu ingkang samya pinanggih. (Lkm/smjw)










0 Komentar