Gambar manuk bidho nyamber capil mbah Wongso
Saminjawa, me - Ing pinggir alas jati, ana sawijining
simbah sing jenenge Mbah Wongso. Rambute wis putih kabeh, gegere rada bungkuk,
nanging saben esuk isih semangat mlebu alas nggolek kayu bakar.
Kayu-kayu mau banjur didol ing pasar. Sing nuku ana bakul serabi,
bakul iwak bakar, lan uga wong-wong sing butuh kayu kanggo masak ing omah.
Senajan wis tuwa, Mbah Wongso tetep nyambut gawe. Dheweke ora
nduweni pegawean liyane. Mung saka adol kayu bakar kuwi dheweke bisa nyukupi
kabutuhan saben dina.
Ing sawijining dina, nalika lagi nglumpukake kayu, Mbah Wongso
krungu swara:
“Ciet... ciet... ciet...!”
Swara kuwi kaya swara kewan sing lagi nandhang sangsara. Mbah
Wongso banjur nyedhak. Jebul ana manuk Bidho sing sikile kecanthol jaring lawas
sing dibuwang wong ing alas.
Manuk kuwi glebek-glebek, nanging saya obah malah saya kejiret.
“Adhuh, mesakke tenan kowe,” kandhane Mbah Wongso.
Kanthi alon-alon, Mbah Wongso ngudhari jaring kuwi. Sawisé ucul,
manuk Bidho mabur ngubengi sirahe Mbah Wongso kaping pindho.
“Wis, mabura kana. Ati-ati, aja nganti kejiret maneh,” welinge Mbah Wongso marang Bidho,
senajan Bidho ora mudheng omong Mbah Wongso.
Manuk Bidho banjur mabur adoh, kaya-kaya ngucap matur nuwun.
Kira-kira sewulan sawisé kedadeyan kuwi, Mbah Wongso bali maneh
menyang alas kaya biasane.
Nalika lagi nglumpukake kayu, dumadakan ana manuk mabur nyedhak.
“Lho, iki ta manuk Bidho sing biyen tak tulungi?” Mbah Wongso nggremeng dhewe.
Manuk Bidho kuwi kaya ngancani Mbah Wongso. Kadhang mabur adoh,
banjur bali maneh nyedhaki Mbah Wongso.
Amarga kesel, Mbah Wongso banjur leren ing ngisor wit gedhe sing
adhem. Wit kuwi katon kukuh lan gedhe banget.
Nalika lagi ngaso, dumadakan…
Wuuut!
Manuk Bidho nyamber caping sing dienggo Mbah Wongso.
“Heh! Apa iki?” Mbah Wongso mbengok.
Nanging manuk kuwi ora mandheg. Bola-bali nyedhaki lan nyamber
capinge Mbah Wongso.
Mbah Wongso wiwit nesu.
“Bidho, kowe iki ora ngerti balas budi! Biyen wis tak tulungi, kok
saiki malah ngganggu aku!”
Mbah Wongso njupuk kayu kanggo menthung manuk kuwi. Nanging
sakdurunge kayu kuwi kecekel, capinge wis disaut manuk Bidho lan digawa mabur.
“Heh! Balekna capingku!” pambengoke Mbah Wongso.
Mbah Wongso banjur mlayu nututi manuk Bidho.
Durung adoh dheweke ninggal papan ngaso…
Kraaaak...! Glerrr!
Wit gedhe sing mau dienggo
ngiyup dumadakan ambruk.
Swarane banter banget, kaya gludhug nyamber.
Mbah Wongso mandheg. Sikile gemeter. Atine deg-degan.
Jebul wit sing katon kukuh kuwi wis bosok lan bolong sing njero.
Mbah Wongso ngelus dhadhane.
“Ya Allah… upama aku isih lungguh ing kana, mesthi awakku wis ajur
kebrekan wit gedhe!”
Nalika isih kagèd, manuk Bidho alon-alon nyedhak. Caping mau
ditibakake ing ngarepe Mbah Wongso.
Bareng kuwi, Mbah Wongso ngerti.
“Lho… jebul kowe arep nylametake aku!”
Mripate Mbah Wongso kembeng-kembeng, meh netesake eluh.
“Maturnuwun, Bidho. Kowe pancen manuk sing ngerti balas budi.”
Manuk Bidho banjur mabur ngubengi Mbah Wongso sapisan maneh. Sawisé
kuwi, dheweke mabur adoh menyang jero alas arep golek pangan.
Mbah Wongso nyawang manuk kuwi nganti ilang saka pandelengane.
Ing njero atine, dheweke rumangsa bungah lan matur nuwun, amarga
kabecikan sing tau ditindakake jebul bali dadi pitulungan sing nylametake
nyawane.
Piwulang: Wong sing seneng nulungi kanthi tulus
bakal oleh kabecikan maneh. Aja gampang nesu lan salah paham marang wong liya,
amarga saben tumindak mesthi ana alesane.(Tien)











0 Komentar