Saminjawa, me - Tlaga kang banyune bening, ana kewan bulus lan iwak-iwak liyane.
Saben dina gaweyane mung nglangi, nyilem, lan lungguh ing pinggir tlaga.
Nanging suwe-suwe, Bulus rumangsa bosen.
Nalika ndeleng manuk-manuk padha mabur ing langit, atine dadi
ngresula.
“Ah, kok uripku mung weruh banyu tlaga wae. Saben dina sing
dakdeleng ya mung banyu, suket, lan watu. Beda karo manuk-manuk kae. Padha bisa
mabur weruh gunung-gunung, segara sing amba, sawah-sawah kang ijo royo-royo, lan
desa-desa sing rame. Mendah senenge atiku yen bisa kaya ngono,” pangresulane Bulus.
Ora adoh saka kono, ana Menthok sajodho sing lagi dolanan banyu ing
pinggir tlaga. Dheweke krungu pangresulane Bulus.
Salah siji Menthok banjur nyedhaki.
“Bulus, apa kowe kepengin plesir ndeleng donya jembar?” pitakone Menthok.
“Wah, kepengin banget! Nanging aku ora bisa mabur,” wangsulane Bulus.
Menthok mesem.
“Yen kowe gelem, aku lan bojoku bisa ngajak kowe mabur ndeleng
gunung, sawah, lan desa-desa.”
Mripate Bulus sumunar.
“Lho, tenan? Carane piye?”
“Nanging ana syarate,” omonge Menthok.
“Syarat apa? Mesthi daklakoni!”
“Sajrone mabur, kowe ora kena ngomong. Apa wae sing kelakon, aja
nganti mbukak cangkem. Yen ngomong, kowe bakal cilaka.”
“Ah, mung ngono wae? Gampang!” kandhane Bulus kanthi bungah.
Menthok banjur njupuk kayu.
“Carane mengkene. Kowe nyakota tengahing kayu iki sing kenceng. Aku
lan bojoku nyekel pucuke banjur tak gawa mabur.”
Bulus banjur nyakot kayu kuwi kenceng-kenceng.
Ora suwe, Menthok sajodho mau mabur alon-alon nggawa Bulus munggah
menyang langit.
Wah, senenge atine Bulus ora karuwan!
Saka ndhuwur, dheweke bisa ndeleng sawah-sawah kang ijo, kali kang
mlengkung, gunung-gunung, lan desa-desa cilik sing katon endah.
Ing sajroning ati, Bulus ing sak jroning batin, “Ternyata donya
iki endah banget. Untung aku gelem diajak plesir.”
Bareng tekan ing sadhuwure sawijining desa, ana asu sing lagi
lungguh ing plataran omah. Nalika ndeleng Menthok nggawa Bulus, asu mau ngguyu
banter.
“Heh! Deloken! Ana menthok nggawa tlethong sapi mabur!”
Bulus krungu tembung kuwi. Atine langsung panas.
Asu mau malah ngundang kanca-kancane.
“Heh, padha mréné! Deloken, menthok nggawa tlethong sapi! Menthok
pakanane tlethong sapi!”
Asu-asu liyane padha ngguyu banter.
Bulus saya mangkel. Atine kaya arep njeblug.
Nanging dheweke isih eling pesene Menthok: aja ngomong!
Nanging amarga ora kuwat ngempet nesu, Bulus banjur mbengok:
“Aku dudu tlethong sapi...!”
Bareng cangkemé mbukak, kayu sing dicakot langsung ucul.
“Buluuus...!” bengoke Menthok.
Nanging wis kasep.
Bugh!
Bulus ceblok saka dhuwur lan tiba ing lemah.
Menthok sajodho mung bisa gedhek-gedhek.
“Sayange, Bulus ora bisa ngempet nesu lan lali marang pitutur,” kandhane Menthok.
Piwulang
(Amanat):
- Wong kudu bisa
ngempet emosi lan ora gampang nesu.
- Pitutur sing
apik kudu dituruti.
- Wong sing ora
bisa njaga cecaturan lan gampang kesinggung asring nemoni cilaka dhewe.











0 Komentar