tekene wong bingung iku takon
bingung ora wani takon panggah bingung
bingung bisa tekan tekene takon
bingung takon-takon dadi tekan
tekene wong nggayuh gegayuhan iku tekun
kepengin pinter kudu tekun
kepingin sugih kudu tekun
kepingin dadi guru kudu tekun
kepingin dadi dokter kudu tekun
kepingin dadi presiden kudu tekun
cekake kepengin apa wae kudu tekun
ujare pinisepuh
tekaning sedya kudu ateken tekun
(Antologi Geguritan : Gagak Mangan Kebo)











0 Komentar