goroh
iku nganggep wong liya gak roh
dhandhang
diunekake kuntul iku goroh
kuntul
diunekake dhandhang uga goroh
mboyak,
wong liya dianggep gak roh
mula
gampang goroh
lamun
atine seneng tumindak goroh
tandha
yekti pancen manungsa drajad nestha
lamun
ora seneng nanging uga ura susah
nalika
tumindak goroh
ateges
manungsa drajad lumrah
ingaran
drajad utama
lamun
timindak goroh
atine
was sumelang
kaya
ninggal bayi ing pinggir blumbang
njur
saiki, takona marang batinmu
apa
drajadmu
nestha
?
lumrah
?
apa
utama ?
wangsulana dhewe
awas
aja goroh
senajan
wong liya gak eroh
(Antologi Geguritan : Gagak Mangan Kebo)











0 Komentar