IKLAN

Iklan Banner

RADEN NGABEHI PADMASUSASTRA

 

   R. NGABEHI PADMASUSASTRA

RADEN NGABEHI PADMASUSASTRA 

R. Ng. Padmasusastra pujangga Kraton Surakarta kang misuwur amarga nulis buku-buku sastra kang ngemot piwulang budi pekerti, tatakrama, lan sopan santun. 

Salah siji tulisane ngemot babagan puwulang putri, piwulang kanggo kaum wanita kang katulis mawa tembang Maskumambang kaya ing ngisor iki:

  

MASKUMAMBANG

 tumimbula riningsun garwa padêmi,

tega têmên sira;

aninggal rakaniraji;

tujune manira bisa.

 

amanamur nyandhak kalam gandrung nganggit ;

kata wangsit kama;

tumrap mring putrèngsun putri ;

dhuh nggèr para putriningwang.

 

sumurupa ing laku kawan prakawis ;

dhihin yèn kataman ;

ing coba kudu mangèsthi ;

budi têmên lan tarima.

 

kang kapindho dhuh anggèr lakuning ati ;

yèn kataman rundah;

lêgawa lila dèn kèsthi ;

kaping tri lakuning jiwa.

 

ing sarèhning dumadine jiwa nini ;

wus alus kalawan ;

sukci sira kudu musthi ;

kandêl-kumandêling suksma.

kang kaping pat lakuning rahsa sarèhning ;

rahsèku wus mulya ;

kudu musthi awas eling;

maring kodrating Hyang Suksma.

 

Wosing piwulang kang ana ing tembang iku :

1.    Yen nemoni coba utawa kasangsaran, kudu sabar, jujur, lan nrima.

2.    Yen diremehake utawa dianggep asor, kudu tetep legawa lan ikhlas.

3.    Njaga kesucian jiwa lan ati, supaya dadi wong kang nduweni watak luhur lan kuwat batine.

4.    Tansah waspada lan eling ing saben tumindak, supaya ora kesasar saka dalan kabecikan.

Piwulang kang wigati :

Manungsa kudu nduweni sifat sabar, nrima, legawa, ikhlas, suci atine, lan tansah eling lan waspada supaya bisa nglakoni urip kanthi becik lan mulya.

 


Posting Komentar

0 Komentar