Crita Wayang Palgunadi
Saminjawa - Lakon wayang iki ora
mung nggambarake perang lair batin antarane
Arjuna kang ajejuluk Palguna klawan Bambang Ekalaya kang ajejuluk
Palgunadi ,
ananging uga nggambarake kahanan pranatan sajrone bebrayan kang dumadi saben dina ing
sakupenging urip kita.
Kita kabeh padha wus ngerti yen Arjuna iku ksatriya panengah
pandhawa kang makili golongane satriya kang bener , kudu tansah dikurmati , dimenangake lan dadi
panutan Tumrape wong akeh,
Tanpa ngelingii yen
para satriya Pandhawa iku uga janma lumrah kang bisa luput utawa malah nglarani
sapadha padha.
Ing lakon iki Bambang Ekalaya disengiti lan disalahake
amerga patrap kang ditindakake yaiku mbela martabat diri , mbela hak kang
dinduweni sakabehing manungsa tanpa ambedakake saka ngendi asale , sepira
bandha dunya kang dinduweni lan sepira kuwasane ing alam dunya.
Palgunadi kang uga karan Bambang Ekalaya, iku pengeran
pati tlatah Nishada utawa kang uga karan
Paranggelung.
Ekalaya tegese
"Wong kang nyawiji tekad ing kawruh."
Sadurunge dadi ratu ngganteni ramane, dheweke nyoba
nyempurnakake kawruh ngelmune minangka satriya,Kanthi tekad lan tujuan nggayuh
ngelmu kang sampurna.
Bambang Ekalaya utawa Palgunadi kepengin sinau ing Maha Guru
Durna , Sang Guru agung, pandhita wicaksana
Hastinapura, kang uga dadi guru para pangeran Pandhawa lan Korawa.
Palgunadi ora ditampa dening begawan Durna amarga mung
satriya saka tlatah cilik , ora kaya nagara hastinapura kang agung.
Apa ta kang dadi gegayuhane Palgunadi kang dadi sabab
kepingin maguru marang pandhita Durna? Ora liya yaiku pucuking kasampurnan
ngelmu panahan lan ngelmu kasampurnaning ngaurip minangka satriya utama , kang
miturut pandhita durna ora ana satriya liya kang pantes sinau kajaba mung murid
kinasih Arjuna utawa Palguna.
Pancen tiba
kasunyatan yen Pandhita Durna ora nduweni patrap adil marang sapadha titah
manungsa , emban cindhe emban siladan.
Sawise ora katampa anggone merguru , sang Pengeran Nishada ora kelangan niyat
lan ora bubrah ing manah.
Tekad kang kuwat nyegah dheweke saka kelangan pangarep-arep.
Palgunadi nggoleki dalan apa wae kanggo nggayuh kabeh kawruh
sang guru kang banget ditresnani.
Palgunadi lumebu ing alas, wani nrabas ing ara-ara samun ,
ngudi luwih jero, golek kasepen batin, beninging ati lan pangrasa ing guwa
guwa.
Beda karo para pengeran
para putra Pandhawa lan Korawa kang sinau kanthi kepenak sarwa cemepak
turah turah kabeh kang dibutuhke, Palgunadi sinau klawan ing tuntunan para
wicak kang pinilih sajroning batin.
Palgunadi sinau ing
alas gung liwang liwung lan guwa guwa sepi ,atine ora tau owah , lan
kanti meneping batin lumantar dat suci ing telenging jiwane, sakabehing kawruh
ngelmu kasampurnan katon mbukak byar padhang amadhangi lampah lakune.
Blegere Pandhita Dorna kaya-kaya teka ing batin , sakehing
kawruh guru kang sampurna kaserep. Danurwunda ora mung kanggo murid kang
ditresnani Durna , Palgunadi sampurna nyecep ngelmu kanti sampurna amarga rasa
sih katresnan tumrap wewayangane sang guru.
Swara asu ajag ngrusak weninge wengi , Palgunadi narik
jemparing , kena cangkeme si ajag , si ajag banjur meneng mlayu tumuju kemahing
para pengeran hastina kang sakala kaget
, ameruhi katrampilan kang kudune mung Arjuna kang bisa.Sang Prabu Puntadewa
banjur takon , sapa janma manungsa kang iso nduweni katrampilan ngembari arjuna
iku , banjur jinawab dening Palgunadi kang lugu. Ya iki satriya paranggelung
Rahdyan Bambang Ekalaya murid panembahan Durna , saking banget trisnane marang
sang guru Durna.
Kedadeyan ing alas kacaritaake marang Panembahan Durna.
Pawarta kasebut disambut kanthi nesu banget. Sang wicaksana rumangsa ora tau
duwe murid saliyane para putrane Pandhawa lan para Korawa. Kasampurnan ngelmu
panah mung diwarisake marang Arjuna.
Palgunadi dianggep
nindakake kaluputan gedhe. Tanpa idin, pengeran Nishada wis ngaku muride.
Lumrahé, dhèwèké kudu nampa akibaté, minangka paukuman. Drona nggunakake alesan
iki kanggo ngapusi, mbantu murid kinasih supaya ora kalah klawan Palgunadi.
Kanthi pambiyantu
Kresna,
pangapesane Palgunadi ditemokake. Kekuwatane ana ing jempol
tengen. Ing kono ana pusaka Mustika Ampal, ali ali kang nyawiji karo jempol.
Drona teka njaluk tanggung jawab marang Palgunadi kang mung
isa tumungkul Kanthi ikhlas, ngakoni kesalahane.
Dheweke nindakake kabeh supaya diakoni minangka murid lan
entuk kawruh babagan kasampurnan urip.
Kebak licik, guru
agung menehi sarat srengat supaya bisa diapura lan bisa katampa dadi murid kang
sah yaiku kudu ngaturake panuwun.
Wis jamake Ing tradhisi India kuna, para murid ngaturake
Gurudaksina minangka rasa panembah suwun sawise rampung sinau.
Durna kang reget ati pikire njaluk supaya Palgunadi
ngulungake ali ali ing jempole.
Iki tegese Ekalavya kudu medot driji kang uga dadi
perlambang kudu ngeculake sakehing ngelmu lan kamulyane.
Ora mung tekan semono , sadurunge prastawa pedhoting jempole
Palgunadi ,,, wus ana ontran ontran arjuna pingin ngrampas garwane sang
Palgunadi , kang karan dewi Anggraeni ,
panas nepsune sang Palgunadi wis ora bisa kaempet , dadi
perang gedhe bandayudha antarane Arjuna utawa Palguna klawan bambang Ekalaya
utawa Palgunadi.
Arjuna kalah perang lumpuh ambruk tumekaning pralaya ,ananging ana kadadeyan kang ora pener meneh
yaiku Kresna sang wisnumurti melu cawe cawe nguripake meneh sang Palguna kanti
tamba kembang wijayakusuma.
Kabeh iki cetha wela wela isa dadi pasinaon , bilih ora ana
manungsa kang sampurna , para satriya uga anduweni cacat ing laku , ora adil ,
mbenerake barang ora pener mung amerga sedulur utawa golongane ,
Muga sempalan carita lakon iki isa migunani lan dadi
pasinaon tumrap para pamiarsa,,, rahayu sakehing dumadi. (lukman/smjw)











0 Komentar