IKLAN

Iklan Banner

Bupati Arief Nggunggung Sapa Temon Aktifis MPPA Blora

Sapa temon aktipis MPPA karo Bupati Blora 
mbahas nolak program MBG ning sekolah

Sapa Temon MPPA
Welasan Aktifis sing nyawiji ing Masyarakat Peduli Pendidikan Anak utawa sing disingkat MPPA nggelar sapa temon karo Punggawa Pamarentahan Kabupaten Blora, Bupati Blora Arief Rohman, masiya ora nganti rampung melu sapa temon. Iku, ngandhakna yen apa sing dadi pikiran warga soal MBG, mengko dicathet lan dikandhakna karo Kepala BGN Pusat, amarga iku programe pusat.

"Kula matur suwun sanget dumugining panjenengan sedanten saking MPPA kagem mbahas masalah MBG, maringi pirsa kagem Pamarintah Blora, pripun apike program MBG saget mlampah kanthi sae, sedaya punika dipun cathet Pamarintah, lan diajokake dhateng BGN Pusat, amargi program MBG punika program saking Pamarintah Pusat," kaya mangkono aturi Bupati Blora.

MPPA Blora nolak andum sega MBG ning sekolah, aja ganggu jam sinaune cah sekolah

Diterusake Wakil Bupati
Bubar mbukak, Bupati Arief nerusake atur marang Wakil Bupati, Sri Setyorini, minangka Ketua Satgas MBG Kabupaten Blora, supaya mimpin sapa temon iku, amarga isih ana tugas sing kudu ditindakake. Ora suwe banjur oncat saka rapat, diterusake Wakile, Sri Setyorini, sing diampingi Ketua DPRD Blora, Mustopa lan Anggotane teka Komisi D, Anief, lan Kapolres Blora, AKBP Inggal.

Wakil Bupati dalah Ketua Satgas MBG Kabupaten Blora, Sri Setyorini, nyarujuki bakal nglaporake usulan Aktifis MPPA Blora, supaya program MBG ora dilakokna ning sekolah, lan wektune ora pas jam sekolah, nanging didumake ning Desa/Kelurahan lan wektune sore, supaya isa dipangan sore utawa bar maghrib.

"Aku setuju usul iki, mengko tak sampekna ning Pak Daryono, Kepala BGN, yen Blora njaluk didum ning omah - omah utawa ning Desa, wayahe sore, dadi masake ora bengi - bengi pating glonthang, tapi masake mulai esok jam 8 ora kesusu, sore didumke, iki usul sing apik, matur nuwun mas MPPA, lha kaya ngene iki apik e sapa temon ning dina iki, muga Gusti Allah nyathet iki dadi barokah, amin!" aloke Budhe Sri, undangane Wakil Bupati Blora. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar