IKLAN

Iklan Banner

Guru Ora Babu!

Bocah - bocah sekolah pada kejel - kejel merga keracunan MBG ning Blora.

Karnaval Pungkasan
Kantor Bupati Blora geger, amarga karnaval ana anak - anak sekolah sing pungkasan, masiya agustusan wis kliwat, udakara wong 20an, mlaku wiwit teka warung kopi Grojogan tumuju ning Kantor Bupati, sing ana ing Jalan Pemuda, jarake udakara 500 meteran. 

Rombongan iku pada macak cah sekolah SD, SMP lan SMA, uga macak emak - emak, lan nganggo klambi sing nggambarna wujud tahu, tempe lan endhog. Geneya lan ana apa rombongan iku mlaku - mlaku esuk ning jam pelajaran sekolah? Apa bocah - bocah iku pada ngeblong ora gelem sekolah?

Karnaval pungkasan nolak MBG ning sekolah

Audiensi MPPA Blora
Woalah, jebule iku rombongan aktipis teka Masyarakat Peduli Pendhidhikan Anak (MPPA) Blora, sing "ngeblong" jam sekolah kanggo dhemo nolak program mangan awan gratis (MBG) ning sekolah, amarga dianggep ngganggu jam pelajaran lan nyebabna atusan anak keracunan, kaya sing kedaden ning SMAN 1 Tunjungan seminggu wingenane.

"Pokoke aja ngedum MBG ning sekolah, lan ning jam pelajaran sekolah, marai ngganggu apa maneh marakke keracunan anak - anake dhewe, kene wong tuwa dadi was - was, mikirna anakku dipakani apa, panganane ana racune pora, pokoke stop aja andum MBG ning sekolah!" aloke Agus Ariyanto seru ning ngarepe Bupati Blora, Arief Rohman lan  Wakil Bupati Blora, Sri Setyorini.

Guru Ora Babu
Sijine maneh, Agus Suges uga melok nyuwara, yen Guru iku tugase nyinaoni bocah sekolah, ora dadi babune SPPG dadi tukang nglumpukna, ngangkat lan ngitung ompreng, wedi yen ilang ngijoli, lan ngurusi sampah, sega - sega MBG sing ora kepangan, amarga akeh bocah sing ora doyan.

"Guru iku ora Babune SPPG, dikon nglumpukna, ngitung lan njupuki sisa - sisa MBG sing ora kepangan bocah - bocah, merga ora doyan menune, pisan maneh Guru tugase ngajar, ora babune SPPG, mulane kudu diendhegna MBG ning sekolah! aloke sora banget, nganti padha meneng kabeh sing melok audiensi. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar