IKLAN

Iklan Banner

Ing Ngarso Sung Tuladha

Ing Ngarsa Sung Tuladha ateges manawa wong kang ana ing ngarep kudu bisa dadi tuladha kang becik. Guru, kepala sekolah, wong tuwa, lan para pemimpin kudu menehi conto lumantar tindak-tanduk saben dina. Bocah-bocah luwih gampang niru tumindak tinimbang mung ngrungokake pitutur. Mula, kejujuran, disiplin, tanggung

Salah sawijining piwulang Ki Hajar Dewantara kang nganti saiki isih dadi pedoman tumrap jagading pendhidhikan yaiku semboyan “Ing Ngarsa Sung Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa, Tut Wuri Handayani. ” Tembung-tembung kasebut nduweni teges kang jero lan isih cocog ditrapake ing jaman modern.

Saben tanggal 2 Mei, bangsa Indonesia mengeti Hari Pendidikan Nasional . Tanggal kasebut dipilih amarga pas karo dina laire Ki Hajar Dewantara, Bapak Pendidikan Nasional Indonesia. Panjenengane ora mung misuwur minangka pejuwang kamardikan, nanging uga minangka tokoh kang ngedegake dhasar pendhidhikan nasional kang ngugemi kabudayan lan ngurmati kodrat saben bocah.

Posting Komentar

0 Komentar