Saminjawa, me - Emansipasi wanita yaiku pambudidaya kanggo menehi hak lan kesempatan sing padha
antarane wanita lan pria ing maneka warna ing babagan apa wae kanggo sangu urip.
Emansipasi iku penting supaya wanita bisa
ngembangake potensi, nampa pendhidhikan, lan melu mbangun bangsa.
Nalika jaman penjajahan, kaum wanita
uripe sarwa winates. Akeh wanita sing ora oleh sekolah dhuwur lan mung dianggep
duwe tugas ngurus pawon. Kesempatan kanggo sinau, makarya, lan melu urusan
masyarakat isih sithik banget. Kahanan iki ndadekake wanita angel ngembangake
kawruh lan bakate.
Nalika jaman perjuangan, wiwit ana
tokoh-tokoh wanita sing wani mbudidaya suapaya ana owah-owahan. Salah sijine
yaiku Raden Ajeng Kartini. Kartini ngajak kaum wanita supaya gelem sinau lan
nduweni kesempatan sing padha karo pria. Semangat perjuangane iki banjur dadi inspirasi
tumrap wanita Indonesia supaya luwih maju lan kendel.
Sawise Indonesia merdika, kesempatan
kanggo wanita saya luwih akeh. Wanita wis bisa sekolah nganti tingkat paling
dhuwur, bisa dadi guru, dokter, pegawai, pengusaha, lan profesi liyane. Akeh
wanita uga melu dadi pegawe ing pemerintahan lan organisasi sosial kanggo
mbangun bangsa.
Ing jaman modern kaya saiki, wanita wis
nduweni kesempatan sing luwih jembar maneh. Kanthi kemajuan teknologi lan
informasi, wanita bisa sinau lan makarya saka ngendi wae. Akeh wanita sing
sukses dadi ilmuwan, atlet, pemimpin, pengusaha, lan tokoh masyarakat. Nanging,
isih ana tantangan kayata diskriminasi lan ketidakadilan sing
kudu diilangi bebarengan.
Mula saka iku, ayo padha ngajeni lan
ndhukung emansipasi wanita. Aja mbedakake kesempatan adhedhasar jinis
kelamin. Ayo menehi kesempatan sing padha kanggo kabeh wong supaya bisa
nggayuh cita-cita lan ngembangake bakate. Kanthi bebarengan antarane
pria lan wanita, bangsa Indonesia bakal dadi luwih maju, adil, lan sejahtera.(Tien)











0 Komentar