Raden Palgunadi
Saminjawa - Palgunadi (Bambang Ekalaya) lungguh ing sangisoring wit gedhé.
Mripate mandeng adoh menyang kraton Hastinapura.
“Aku kepengin dadi satriya utama. Aku kepengin nduwé kawruh kang
sampurna,” omonge
sajoning batin.
Kanthi tekad mantep, Ekalaya banjur sowan marang Begawan Durna.
“Guru, kula nyuwun dipuntampi dados murid paduka. Kula kepengin
sinau ngelmu panahan,” ature Ekalaya kanthi andhap asor.
Begawan Durna mandeng satriya enom iku sawetara wektu. Nanging banjur
gedhek-gedhek.
“Kowe dudu pangeran saka Hastinapura. Aku ora bisa nampa kowe dadi
muridku,”
wangsulane Durna kanthi adhem.
Atine Ekalaya kaya diremes. Nanging dhèwèké ora banjur nglokro.
“Inggih, Guru. Menawi mekaten, kawula badhé sinau piyambakan,” ature kanthi swara lirih.
Wiwit dina kuwi, Ekalaya mlebu alas gung liwang-liwung. Dhèwèké
gawe reca Begawan Durna saka lemah.
“Saka panjenengan, Guru, kula tetep sinau,” ucape saben arep
latihan.
Saben dina Ekalaya narik jemparing. Esuk, awan, nganti wengi. Udan
lan panas ora nate ngalangi tekade.
Sawijining dina, ana swara asu ajag jugug banter, ngganggu
semadine.
Sret! Sret! Sret!
Jemparing mabur kanthi cepet. Cangkeme asu ajag ketutupan panah
tanpa netes getih sethithik wae.
Para Pandhawa lan Korawa padha kagèd.
“Sapa satriya kang bisa gawe pangeram-eram kaya mangkene?” pitakone Puntadewa.
Ekalaya maju kanthi andhap asor.
“Kula, Bambang Ekalaya, muridé Begawan Durna.”
Kabar kuwi tekan kupinge Begawan Durna. Sang guru nesu.
“Aku ora nate nduwé murid jenengé Ekalaya!” pangucapé.
Durna banjur nemoni Ekalaya.
“Yèn kowe ngakoni muridku, kowe kudu menehi gurudaksina,” ngendikane
Durna.
“Menapa ingkang kedah kula aturaken, Guru?” pitakone
Ekalaya.
“Pasrahna ali-ali lan jempol tengenmu!”
Alas dadi meneng tanpa swara. Para satriya padha kaged.
Nanging Ekalaya ora mbantah.
“Menawi menika pancen dados panyuwun paduka, kula ikhlas.”
Kanthi ati mantep, Ekalaya medhot jempol tengene. Getih netes saka
tangane, nanging ora ana rasa getun ing atine.
Begawan Durna meneng. Dene Ekalaya mung mesem.
“Ngèlmu sejati ora mung ana ing driji, nanging ana ing tekad lan
ati,” ucape
alon.
Sawisé kedadeyan iku, Ekalaya tetep dadi satriya kang pinunjul.
Jenenge tetep dieling-eling minangka wong kang nduwé tekad, semangat sinau, lan
ora gampang nglokro sanajan nemoni leakon sing ora adil kanggo dheweke.
Piwulang
saka crita iki:
- Aja gampang
nyerah nalika nggayuh cita-cita.
- Tansah tekun
lan sregep sinau.
- Hormat marang
guru lan wong tuwa.
- Kabecikan lan
ketulusan bakal tansah dieling-eling wong liya.
- Saben manungsa
kudu tumindak adil tanpa mbedak-bedakake drajat lan asal-usul.
Crita iki adhedhasar
lakon “Palguna Palgunadi”, Pranatan kang emban cindhe emban siladan, sing
nggambarake perjuangan Bambang Ekalaya (Palgunadi) nggayuh kawruh lan ngadhepi “ketidakadilan”.











0 Komentar