IKLAN


 

Musoh Kotak Kosong

Timses Ngopi Bareng
Sore iku warunge Yu Tik jan rame banget,  tumplek blek wong do ngopi, sinambi udutan, dudal dudul hape, karo nyowal nyawel gorengan godres, tempe mbus, tahu karo rondho royal, polahe Yu Tik koyok kitiran, ngalor ngidul ngetan ngulon nglayani langganane.

"Yu kopi lima, gorengan rong piring yo, gak pake lama lho, sekesuk rung ngopi ki, bar pasang gambar calon Bupatiem suk mben" aloke Dhe Sumar nemoni Yu Tik ning pawon warunge.

Bar pesen, Dhe Sumar langsung marani kanca - kancane, wong papat sing ditugasi pasang gambar mubeng kutho lan deso. Gambar pasangan bakal calon Bupati lan Wakile, mas Rohman, pasangan karo budhe Sri.

"Saiki wes jelas yo, calone awak dewe, terus terang aku wingi yo bingung, Bose lah ngelu kudu milih sopo, lha kabeh njaluke digandeng dadi Wakile Bose awak dewe lho, masiyo ngelu, ning Bose tetep nyante wae, sing digoleki calon sing ora sembarangan, wakile kudu duwe dekengan pusat," aloke Dhe Sumar koyok bar tompo SK dadi jurkam wae.

Golek Sisik Melik
Lamdaling sing ono sebelahe rombongane Dhe Sumar, langsung mepet golek sisik melik ngrungokno omongane Dhe Sumar sak kancane. Kupinge dipasang bener - bener kanggo golek info soal pilihan Bupati Wakil Bupati suk nopember tahun iki.

"Stt...ayo do ngrungokno omongane Dhe Sumar, ben ngerti tenan sopo calon Bupati lan Wakil Bupati awak dewe suk mben, opo maneh iki petahana wes duwe pasangan," aloke Lamdaling alon karo Heri Cungkring, Sulis Buto lan Agung Kriwoel.

Suarane Dhe Sumar jan koyok juru kampanye tenan, dewekne ngomong yen Budhe Sri, Wakile Bose iki kuat lan duwe dekengan pusat tenan, soale Budhe Sri duwe adik sing jabatane cedak banget karo Presiden saiki lan sing kepilih wingenane.

"Pokoke ojo kuatir yo, Budhe Sri iki duwe dekengan pusat, iso - iso gak ono musohe iki, musoh kothak kosong, Insya Allah, Bose awak dewe iso lanjutke pembangunan, awak dewe ugo iso nunut mulyo to," omonge Dhe Sumar das des, sing diamini kanca - kancane. "Amin Ya Allah, Amiin" aloke sesarengan
Lamdaling sak kancane mung gedek - gedek karo takon lirih banget siji lan sijine...mosok gak ono musohe? (Rome).

Posting Komentar

0 Komentar