IKLAN


 

Bank Plecitku Mawut


"Bank nggone Negoro kok iso bangkrut iku kepiye Leh, padahal modal karek njaluk, dirembuk Karo DPR beres, dianggarno cair, Jan - jane dienggo opo, jarene kanggo wong cilik, mrantasi rentenir, kok malah macet koyok digondol demit" 

Ora koyok biasane, warunge Yu Tik kanggonan rapat wong - wong necis, rambute klimis, wangi, nandakno sing teka ora wong sembarangan, tumpakane mobil tahun anyaran, sing dibahas urusan duit gede banget, sing gak pernah dingerteni wong cilik, termasuk Yu Tik.

"Yu Tik minta kopi hitam gulane dikit aja ya, untuk orang lima, jangan lupa gorengannya ya, buat njamu teman - teman saya dari kota" aloke Om Law Ning Yu Tik, gasik banget anggone teka Ning warunge 

Yu Tik ndelokno kanca - kancane Om Law pancen ora dikenal, lan lagi sepisan Iki ngopi Ning warunge. Wonge ganteng - ganteng, nanging sajak lagi ketaman susah, praupane sepaneng, sajak lagi cumpleng.

"Gek Ono Wigati opo to, kok sajake mbingungi Dewe, Om Law Yo sajake serius ngrungokno kancane, utawa klien e, delok - delok bantah - bantahan, ah mboh lah iku urusane wong gede - gede, urusanku ngladeni kopi karo gorengan Iki," saure Yu Tik njero atine.

Pancen Yen dideleng ning meja rapate Om Law katon serius banget, sing sijine lagi ndeloki dokumen - dokumen, surat - surat, sijine ngecek iPhone merk apel, sing loro rembugan karo Om Law, mbahas kondisi Bank Plecite sing lagi mawut, mergo kredit macete kakehen, sampek puluhan milyar.

"Kita nggak bisa dong disalahkan begitu saja, kita benar - benar jalankan prinsip kehati - hatian itu, tapi kalo Boss sudah perintah, mana bisa kita tolak, bagaimana ini Om Law, kita cuma bawahan kok," aloke Samin, sing bagian analis kredit, perkara lolos dikei kredit opo orane, ono ning tandatangane, alias karek dewekne.

Sing sijine, aran mas Don, kepala bagian survey, gak kalah ngresulone mikirno nasabah sing Endo semoyo mbayar utange sing itungane setengah sampek sak milyaran, tapi agunane gak nyandak  limit rasione. Pas disurvey ning lapangan, Ning tangga teparone, jarene nggo ragat nyalon dadi anggota Dewan.

"Jadi waktu kita survey, di lapangan nama - nama ini, calon debitur itu adalah kebetulan juga calon anggota Dewan, jadi kita yakin peruntukannya tidak untuk usaha, sialnya mereka kalah, sudah habis - habisan, jelas ini bom waktu buat bank kita," sambate Mas Don.

Bareng wes nyimak kabeh, data - datane sing diajokno ning Om Law, termasuk surat panggilan DPR, suk Minggu ngarep, kanggo njelasno kenek opo kok kredit macete sampek puluhan milyar, Om Law mung mbatin, iku akumulasi pirang tahun buku, kudu dicek kabeh.

"Ok ya, sementara ini masih taraf normatif, yaitu diminta keterangan oleh Dewan, karena memang Bank situ milik Pemerintah, kalo memang situ yakin jalankan prinsip kehati - hatian Bank, tidak ada rekayasa, buka saja semua, siapa saja yang kreditnya macet, baik perorangan ataupun lembaga, biar nanti dicari solusinya, tapi kalo berlanjut ke masalah hukum, saya siap dampingi!" aloke Om Law teges lan nandes.

Lha Yo, jarene Bank plat abang, bank e rakyat, sing kudune iso mbantu wong cilik ben ora kenek rentenir, kok malah dinggo nyilihi wong matoh - matoh, sing njupuk kredit cilik - cilikan telat sithik dioyak - oyak, sing njupuk gedhen - gedhenan malah meh ora konangan, di mana keadilan?! (Rome).

Posting Komentar

0 Komentar