IKLAN




 

Bledhosan Mercon Tahun Anyar

"Surem..surem..Iki akeh mercon bledhos ning tahun anyar, padahal gak Ono perayaan tahun baru lho" aloke Dhe Sumar karo ndeloki berita online ning hapene. 

Masiyo wong ndeso Dhe Sumar emoh ketinggalan berita, masiyo yo ra tahu langganan koran utawa majalah. Ning Saiki jamane digital, kabeh iso didelok Utawa diwaca lewat hape. Sinambi ngopi karo nyawel rondho royal anget, ning warunge Yu Tik, tur ono Wi-Fi ne, dadi loss doll arep ndelok opo wae.

Sing nduwe warung Yu Tik, mung ngewasno polahe Dhe Sumar ko kadohan, sinambi ngelapi gelas, lepek, karo piring sing wis bar diisahi. Sore iku, warunge jek rung ono langganan sing teka, merga udan deres ditambah bledhek nyamber - nyamber.

"Mbok leren Sik to Yu, wong rung sing teka ngene kok, kancani aku, ndelok berita geger Iki lho, bank dibobol atusan milyard, byuh - byuh kok iso Yo, awake dewe utang sithik ae angele mboh, Iki malah digarong atusan milyar, Iki ora adil yo Yu" aloke Dhe Sumar, sajak semu ngrayu.

"Ee..mboh Dhe..iku urusane wong gede - gede, gak mudeng aku, mudengku yo nggodhog wedang, teh, susu, karo nggoreng rondho royal senenganmu Dhe, nek utang yo ning bank thithil ae, gak ribet sarate," saure Yu Tik.

"Lho ojo ngono Yu, awake Dewe Ki nduwe hak yang sama sebagai warga negara, opo neh, iku Bank nggone Pemerintah, Bank e awak dewe, awak Dewe ugo kudu entuk fasilitas iku, ben ora kenek rentenir ae, sing bungane nekek gulune wong cilik, koyok awak Dewe ngene Iki Yu," aloke Dhe Sumar moh ngalah.

Pancen bener omongane Dhe Sumar, masyarakat ora ono sing ngerti, yen mercon Iki ora mbledos, jebule duit Bank dinggo dolanan sing ora - ora, dinggo ngutangi kontraktor, sing jebule proyeke abal - abal, karo dinggo ngutangi ASN sing ngrangkep dadi developer, sing dugaane malah ngglembungno kredite, sing utang malah ntuk susukan. 

Jan - jane Iki negara opo, kok koyo ngene nguruse? Mugo - mugo ndang dibarke urusane, sing salah iso diproses ukum sing adil, sesuai kesalahan sing ditindakke. Kabeh sing nglakoni, sing ngongkon kudu dirangket. Duit Bank sing dirampok sak glintir wong, gedene mboh, ngungkuli utange sing diajokno nggo mbangun dalan sak Mblora.

Nek ngene Iki jenenge ora sesarengan mbangun mblora, tapi sesarengan mbangkrutno Blora, nyilih jargon kampanye mblora, mugo - mugo iso kanggo kaca benggala, sing nyekel Pemerintahan Mblora anyar. (Rome)


Posting Komentar

0 Komentar