IKLAN




 

Sabar, Lagi Digolekno Utangan..

Dhe Sumar deleg - deleg dewe neng pojok warunge Yu Tik, udat udut jedal jedul, ora mertandakno ati seneng, nanging bingung, kopi susu senengane nganti adem gak diombe. Yu Tik seng ngematno polahe Dhe Sumar dadi bingung, arep takon Wedi diseneni, ora takon ngko ndang malah dadi klebon setan, Dhe Sumar ketok stress, udut karo mesam mesem Dewe.

Cekake, Yu Tik diwanek - wanekno nyopo temon Dhe Sumar, diampiri, dicablek alon - Alon, banjur lungguh neng ngarepe.

"Ono opo to Dhe, kok meneng - meneng Dewe, kancane mau do neng ndie, biasane lak rombongan Leh, karo Dewan Joko, Mas Mantri, Om Law, kok suwe Ra tau bareng nek metu?" aloke Yu Tik, Alus banget.

Dhe Sumar, buak rai, malah nyawang dalan seng Yo sepi, merga bar udan gerimis, marakno hawane anyep nganti balung sumsum. Nanging isih gelem nyauri, neng surasane rodo dongkol.

"Mboh Yu, angger wes kasil ndara ngunu iku, direwangi ngglepung, muter mrono, muter mrene, Serang mrono, Serang mrene, bareng wes kasil malah do ngilang Dewe - Dewe, do nggolek slamete dewe - dewe..aku ditinggal neh Yu..!" saure Dhe Sumar sajak gregeten.

Ora gantalan suwe, pancen dowo umure, lagi wae dirasani, teka rombongan mobil geret - geretan, jebule Mobile Dewan Joko digeret karo mobile Om Law, mobile Dewan Joko macet neng tengah alas, kampas kopling e kobong, merga bar kejeglong dalan neng tengah alas, seng koyo blumbangan yen bar udan. Mobil loro parkir neng ngarep warunge Yu Tik, banjur mudun dewe - dewe.

"Jian tenan ogh, dalan koyok jugangan AE, tak kiro cethik, jebule ngamblesno banku, Yo wes kepetel aku, kampas kopling Sampek Kobong, untung ae Om Law neng omah mobile, lhooh iki Dhe Sumar, malah wes tekan kene, suwe koe kok gak tau ketok Leh Dhe, lungo neng ndi Ae, ditakonke Bosse lho awakmu," aloke Dewan Joko bareng ketemu karo Dhe Sumar. 

"Heleeh, tenane..wong aku gak tau mbok cangking ngunu ogh, Yo aku meneng AE Leh, ngrumangsani, wong cilik koyo aku ngene Iki, iso opo?" saure Dhe Sumar sengol.

Dewan Joko nyadari opo sing nggawe mangkele Dhe Sumar, mergo memang ora kabeh iso dijak rembugan, utowo dirembugno karo wong - wong akeh, termasuk Dhe Sumar.

"Ee...ngene lho Dhe, Ojo dadi atimu, yen aku kerep budhal Dewe diundang Bosse, soale pancen ono wigati penting, sing ora iso angger uwong diwenehi ngerti, urusan Noto Negoro ora iso dinggo guyon lho Dhe," aloke Dewan Joko alus.

Dikei pengerten ngunu iku, sajake Dhe Sumar dadi rodo mendo panase atine, nanging iseh ndue pitakonan tumrap janjine Bosse karo dekne lan warga liyane.

"Lha trus pie janjine, nggawe dalan Alus, banyune lancar terus, koyo janjine Bosse neng masyarakat pas kampanye mbiyen, kene sing neng lapangan lho mas, direwangi gegeran karo Mas Momon barang, nek gak wujud, mau ditaruh dimana muka kita?" aloke Dhe Sumar sajak ngeblesno.

"Oh soal iku, tenang Dhe, Iki butuh duik gedhe, lha kosokbalene duike iku gak nyandak, ibarate koyok gegedhen empyak kurang cagak, butuh cara - cara sing pas, kudu sabar, Iki lagi digolekno utangan, Yen wis buntu" saure Dewan Joko. (Rome)

Posting Komentar

1 Komentar