IKLAN




 

Sing Uwis, Yo Wis..Ayo Mbangun Mblora Neh!

Bupati Blora, Djoko Nugroho

Bar coblosan Warunge Yu Tik, koyok melu kesirep, sepi mamring koyo bar kenek pagebluk gedhe. Sing Ono mung Yu Tik, lagi ngalamun ning pojokan karo madhep ratan.

"Dahneyo...ratan Yo sepine mboh, aku dewean, gak Ono sing ngancani njagong opo Tah opo, Dhe Sumar neng ndi Yo..biasane gasik neng warung, kok Iki gak ketok blas," aloke Yu Tik ning njero ati, sajake ono roso sing ilang.

Timbang, ngalamun dewean, Yu Tik nyetel Tivi anyar, biasane sing disetel film drama Korea, utowo sinetron, sing adegane akeh udan tangis, saiki dekne pingin ngerti berita kahanan sawise bar Pilkada Iki, wah rodo Ono kemajuan Yu Tik iki.

Kok ndilalah, beritane metu siaran berita Pak Bupati lagi diwawancarai wartawan, soal Pilkada, soal Bu Umi Kulsum, bojone sing kalah itungan suara cepet Karo mantan Wakile, Mas Arief Rohman. 

"Wah rame Iki, pak Kokok mesthi muring - muring, getun, mangkel, gondhuk dadi siji merga bojone kalah pilihan, gak iso nerusno dinasti e, seng wis dicekel ameh 17 tahun," aloke Yu Tik, lho jebule Yu Tik ora gagap politik, ora bakul kopi biasa, jebule ngerti kahanan politik Blora.

Tapi bedhekane Yu Tik salah, Bupati Blora, Pak Kokok, undangan biasane, ora muring - muring, malah mesam mesem, ngaturke selamet karo Wakile sing Saiki kepilih dadi Bupati, lan ngajak ndongake ngalap berkahing Gusti Allah, supoyo Arief Rohman penggantine, iso mujudno Blora luwih apik, maju, lan sejahtera sak ngarepe.

"Eh Pak Kokok, gentle tenan, gelem ngakoni kekalahane, lan Melu ndongake Pak Arief, sing uwis yo wis, ayo Mbangun Mblora neh, bebarengan, Mugi Gusti Allah ngijabahi, dongane Pak Kokok kanggo penggantine, kanggo rakyate, amiin," aloke Yu Tik mongkog ngerti berita sing ngademke ati lan pikire. Monggo Sesarengan Mbangun Mblora, Dengan Kedamaian Untuk Mencari Solusi Kesejahteraan Rakyat. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar