IKLAN




 

Ojo Dho Totohan Calon Pilkada

Sansoyo cedak coblosan, warunge Yu Tik sansoyo rame, tapi ramene ora mergo pengen diladeni Yu Tik, sing grapyak semanak, tur nggodha ati marang nom - noman utowo Dudho, sing wes ndue bojo ae melu awe - awe nggodha. Ramene warunge Yu Tik, saiki bedo, mergo kerep dinggo kumpul Tim Sukses, karo jare - jarene Botoh, salah sijine calon.

Koyo mau mbengi, rombongan limang mobil apik - apik, tur gris koyo ko dealer, mampir ning warunge Yu Tik. Teko mobil mudhun wong 15, njur lungguh neng kursi dowo njero warung, sing koyone wis dipesen karo Yu Tik, lewat hapene.

"Mas Momon, mau telpon rep nganggo kursi njero nggo rapat, kon nyepaki kabeh uborampene, kopi, rokok, gedhang goreng karo rondho royal trus banyu botolan, luwung blonjo akeh Iki mau Dhe," aloke Yu Tik marang Dhe Sumar, sing lungguh neng pojokan emperan warunge.

"Walah...Momon jian mbayani tenan e, wingi bar andum bantuan, saiki nglumpukno Bos - Bos Botoh ko monco kutho," saure Dhe Sumar, sajak gething tur mangkel.

Neng njero, wong - wong sing rapat omonge grenengan, ora nyuworo banter ning ulate ketok dho engkel - engkelan, ngudoroso ning Mas Momon.

"Pie Mas Momon, sido pora totohane Iki Bossku wis siap 10 Meter lho, endi musohe, jarene awakmu sanggup nggolekno musuh, nyatane ndi..lonthong dikethok - kethok jebule," aloke pawongan sing gedhe dhuwur, ketone Ketua Rombongan Botoh, suarane lirih, tapi mripate mendelik, muring - muring karo Mas Momon.

Mas Momon ora kelangan akale, memang dasar wonge pinter mbelit tur ahli gendam, iso wae nyauri alesan.

"Mas, kondisine saiki bedo karo wingen - wingenane, Ojo dho totohan Pilkada, bahaya, aparat wis do ngerti, opo maneh neng media sosial wes rame mbahas totohan, awakmu Yo wes disenggol - senggol, wes gak sah totohan, mendhing duwetmu, nggo mbantu Jagoku, ngko Yen menang, itung - itungan diijoli proyek, ngunu ae kan luweh aman," saure Mas Momon, koyok Diplomat ulung, sinambi lambene ngemut rokok "Maraiboros" senengane.

Sajake omongane Mas Momon mandi tenan, rombongan kui terus meneng, pandeng - pandengan, manggut - manggut, diomongi akeh karo Mas Momon,  sak jaman rombongan iku pamitan balik, salam - salaman, karo ngguya ngguyu, ngacungi jempol karo Mas Momon, sing jarene pinter lan akeh akale.

"Mas Momon pancen hebat, uteke pitung wong, Ono ae carane ngudhari masalah, jioooss pokoke," saure salah sijine Botoh mau. (Rome)

Posting Komentar

0 Komentar