Jaman biyen, nalika kewan isih bisa padha guneman, ana manuk Bidho (elang) lan Pitik Babon kang uripe rukun banget. Saben dina padha dolan bebarengan, golek pangan bebarengan, lan padha tulung-tinulung. Bidho misuwur sugih lan gagah amarga nduweni gelang emas sing sumunar ana ing sikile.
Nalika ndeleng gelang emas iku, Pitik Babon tansaya kepengin nduweni. Ing sawijining dina dheweke kandha,
“Dhik Bidho, apik tenan gelang emasmu. Aku kepengin nyoba nganggo sedhela wae. Mengko mesthi dakbalekake.”
Bidho mesem, nanging atine durung mantep.
“Aja, Mbakyu Babon. Gelang iki pusaka warisan. Aku kuwatir yen nganti ilang.”Nanging Pitik Babon terus mbujuk kanthi manis.
“Ora usah kuwatir. Aku iki kancamu dhewe. Mung sedhela kok.”
Amarga wis percaya marang kekancan, pungkasane Bidho gelem nyilihake gelang emas mau.
Sawise gelang emas dienggo, Pitik Babon saya bungah. Nanging sabanjure lakune saya adoh saka panggonane Bidho. Yen biyen saben dina ketemu, saiki saya arang katon. Suwe-suwe malah kaya ilang tanpa kabar.
Bidho wiwit kuwatir. “Aja-aja Pitik Babon minggat nggawa gelang emasku.”
Saben dina Bidho mabur ngubengi alas, sawah, lan padesan. Nanging Pitik Babon ora tau ketemu.Nganti sawijining dina, saka dhuwur langit Bidho weruh Pitik Babon lagi ceker-ceker lemah ing pinggir alas. Nalika dicedhaki, Pitik Babon malah mlayu banter mlebu grumbulan. Bidho saya gumun.
“Kena apa kancaku saiki kok wedi ketemu aku?”
Bola-bali kedadeyan kuwi, pitik Babon tansah ceker-ceker lemah lan mlayu yen weruh Bidho.
Akhire Bidho duwe akal. Dheweke ndhelik ana ing pang wit gedhe cedhak panggonan pitik Babon biasa golek pangan. Esuke kuwi, pitik Babon teka maneh. Sikile nyeker lemah mrana-mrene, kaya nggoleki barang sing ilang. Nalika lagi asyik nyeker, Bidho langsung nyamber saka ndhuwur lan ngadheg ana ing ngarepe.
“Mbakyu Babon! Mandheki dhisik aku arep takon!”Pitik Babon kagèt nganti meh tiba.
Bidho banjur takon kanthi swara alus,
“Kena apa kowe saben dina ceker-ceker lemah? Lan kena apa kok tansah mlayu yen weruh aku?”
Pitik Babon mung meneng. Sirahé tumungkul, atiné kebak isin.Sawisé meneng sawetara wektu, dheweke banjur ngakoni kaluputane.“Nyuwun pangapura, Dhik Bidho. Saktenane gelang emasmu ilang. Nalika aku dolan adoh, gelang kuwi ucul saka sikilku. Wiwit dina kuwi aku saben dina ceker-ceker lemah nggoleki gelangmu. Aku isin lan wedi ketemu kowe, mula saben weruh kowe aku mesthi mlayu.”
Krungu pangakon iku, Bidho nggresah. “Yen kowe saka wiwitan jujur, mesthi aku gelem nulungi nggoleki. Sing gawe aku susah dudu amarga gelangku ilang, nanging amarga kowe ngapusi lan nyingkiri aku.”
Pitik Babon nangis lan bola-bali njaluk pangapura. Amarga atine welas asih, Bidho pungkasane gelem ngapura. Senajan mangkono, gelang emas kuwi ora tau ketemu maneh.
Wiwit nalika semana nganti saiki, pitik Babon tansah tetep ceker-ceker lemah nggoleki gelang emas. Miturut crita turun-temurun, dheweke isih ngarep-arep bisa nemokake gelang emas sing biyen ilang nganti tekan saiki.










0 Komentar