IKLAN

Iklan Banner

Wabup Rini Usulke Renovasi Gedung SMP 1 Kristen Blora Marang Wamendikdasmen

Wakil Menteri Pendidikan Dasar Menengah, Fajar Riza Ul Haq, nitik SD Katolik Krida Dharma, lan SMP 1 Kristen Blora sekolah sing nompo bantuan pasinaon digital ning Kabupaten Blora

Foto bareng Wamendikdasmen Fajar Riza Ul Haq karo Wabup Sri Setyorini lan jajaran Pengurus lan Guru SD Katolik Krida Dharma

Wamendikdasmen Nitik Blora
Saminoto ME - Wakil Menteri Pendidikan Dasar dan Menengah (Wamendikdasmen), Fajar Riza Ul Haq nitik sekolah - sekolah ning Kabupaten Blora sing nampa bantuan program pasinaon digital, sing arupa perangkat Papan Interaktif Digital atawa Interactive Flat Panel (IFP), dina Sabtu isuk mau (3/1/2026).
‎Panitikan kasebut minangka budidaya  Pemerintah Nduwuran kanggo mestekna lakone program pasinaon digital lan budidaya mbecikake sekolah. Panitikan diutamakna kanggo ndelok pie penganggone perangkat IFP sing wis dikirimke ning sekolah-sekolah  kanggo sarana ndukung pasinaon sing luwih modern dan interaktif.
‎Ning acara nguda rasa Wakil Menteri Fajar Riza, njagong langsung karo Perwakilan Sekolah, Guru, sarta  siswa siswi, kanggo ngrongokake  katerangan panganggone papan interaktif digital sing arupa tivi layar gedhe kanggo ndukung pasinaon. 

Wamen Dikdasmen negesake, yen bantuan iki diwenehke kabeh rata, kanggo sekolah negeri lan sekolah swasta, kanggo mujudke katetepan Pemerintah Nduwur ing budidayane ngunggahno mutu pasinaon ning saindenging Indonesia.
‎“Kita pingin mastekna yen perangkat bantuan iki bener-bener dimanfaatake tenanan ning kelas. Sak ngarepe, bantuan papan interaktif digital arep terus ditambah, ora mung siji thok kanggo ndukung butuhan pasinaon,” aloke Wamendikdasmen.
Wabup Rini uga ngajokake bantuan renovasi kanggo SMP 1 Kristen Blora marang Wamendikdasmen, Fajar Riza Ul Haq

Wabup Aturke Bungah 
Wakil Bupati Blora, Sri Setyorini, makili Bupati Arief ngaturake bungah lan ngunjukake matur suwun marang Kementerian Pendidikan sarta Presiden Prabowo, sing wis ngaturke bantuan marang pasinaon ning Kabupaten Blora. Miturut Wabup Rini, bantuan papan interaktif digital banget dibutuhake sekolah lan kasil ditampa, sarta dinggo terus marang para guru ing budidaya pasinaon ning sekolah.
‎“Alhamdulillah, napa ingkang dibutuhaken sekolah-sekolah dateng Blora, khususipun sarana pasinaon arupa papan interaktif digital, sampun kawujud lan didamel kanthi sae” atur Wakil Bupati Rini.

‎Ing wayah sing pada, Wakil Bupati uga ngajokake panyuwunan bantuan renovasi sekolah marang Wamendikdasmen, utamane kanggo sekolah swasta sing bangunane wis pada rusak, kayoto SD Katolik lan SMP Kristen sing ning Kabupaten Blora.
‎Wusana iku, Kepala Sekolah SD Katolik Krida Dharma Blora , Imaculata Rahayu Widoningsih, nderek matur yen bamtuan arupa papan interaktif digital, banget migunani kanggo siswa. Ature, siswa dadi luwih mantheng, seneng, tur trengginas, lan nduweni rasa pingin ngerti sing duwur, amerga iso ndelok langsung karo materi pasinaon, ugo iso ndemek lan ngerti gambar - gambar ning layar.
‎“Materi pasinaon uga dadi luwih akeh lan gampang diakses. Guru iso nampilake video, animasi, e-book, lan sumber pasinaon liyane, sahingga pasinaon krasa luwih nyenengke, gampang, lan isa ndukung carane sinau siswa, sarana ndelok, ngrungokake, utawa obah awak sing aktif,” ature.
‎Anane program digitalisasi pasinaon iki, isa diarepake kualitas pendidikan ning Kabupaten Blora, terus munggah lan iso kanggo nyediakake generasi enom sing adaptif marang majune teknologi. (Hms/me)

Posting Komentar

0 Komentar