Nyoto Adi Sucipto dalah istri (tengah) foto bareng karo Bupati Blora lan Forkompimda Blora sawise dilantik dadi Anggota DPRD PAW teka PKS Dapil Blora IV, ngganteni Munatin
Bupati Arief Rohman neken dokumen rapat paripurna karo Pimpinan DPRD Blora disekseni Sekda Blora, Komang Gede Irawadi
Rapat Paripurna DPRD
Blora, Saminoto — Dewan Perwakilan Rakyat Daerah (DPRD) Kabupaten Blora nggelar Rapat Paripurna, adicara nyarujuki bareng Rancangan Peraturan Daerah (Raperda) Kabupaten Blora Tahun 2025, dibarengna karo Pangucapan Sumpah/Janji Pengganti Antarwaktu (PAW) Anggota DPRD Masa Keanggotaan 2024–2029, dina Rabu esuk (31/12/2025).
Rapat Paripurna kasebut dipandegani langsung marang Ketua DPRD Kabupaten Blora, Mustopa, lan ditekani Bupati Blora Arief Rohman, unsur Forkopimda, Sekretaris Daerah, Komang Gede Irawadi, komplit karo jajaran Kepala Organisasi Perangkat Daerah, para Camat, Pimpinan Partai Politik, Organisasi kemasyarakatan, insan pers, sarta tamu undangan.
Ning pidato sambutane Bupati Blora. Arief Rohman ngaturke mongkoging ati amargo kerja bareng sing raket antarane eksekutif lan legislatif ngrembuk lan netepna pranatan ing tlatah Kabupaten Blora.
“Kula matur suwun dumateng sedaya Pimpinan lan Anggota DPRD Kabupaten Blora, ingkang paring sokongan lan kerja sareng ing ngleksanake pembangunan ing saindenging tlatah Kabupaten Blora,” ature Bupati Arief.
Netepke Raperda Blora
Raperda Tahun 2025 sing cacahe rong werna iku disarujuki dening Pimpinan lan Anggota DPRD Blora sing rawuh ning Rapat Paripurna, negeske supaya iso ditetapke, yaiku Raperda tentang Kawasan Tanpa Rokok (KTR) lan Raperda tentang Penyelenggaraan Perpustakaan.
Raperda KTR diajokke kanggo nyurung carane urip sing sehat, ngundakake derajat kesehatan warga ing badan, jiwa, spiritual, lan sosial, sarta kanggo ngleksanakna amanat Peraturan Pemerintah Nomor 28 Tahun 2024.
Tatanan iki uga kanggo pranatan mbatesi iklan, promosi, lan sponsor produk mbako sarta rokok elektrik, kanggo mbudidaya nglindungi warga masyarakat teka pengaruh eleke ngrokok.
Ewadene iku, Raperda sijine sing nata Penyelenggaraan Perpustakaan dadi landasan kanggo ngrembakakna perpustakaan dadi wahana pendidikan lan pembelajaran sedawane urip, nguatake literasi masyarakat, sarta ngrembakna perpustakaan berbasis inklusi sosial lan kanggo nguri - uri budaya tlatah.
“Perpustakaan sageta mboten namung panggenan nyimpen buku, nanging kedah dados jantung lantipe warga masyarakat lan sageta kagem ningkataken karaharjan,” ature Bupati Arief Rohman maneges.
Nglantik Dewan Anyar
Ing sajroning rangkaian rapat, Ketua DPRD Kabupaten Blora, Mustopa uga nglantik anggota DPRD Pengganti Antarwaktu Masa Keanggotaan 2024–2029. Pelantikan iku wis adedasar saka Keputusan Gubernur Jawa Tengah Nomor 100.3.3.1/470 Tahun 2025 tanggal 17 Desember 2025.
Anggota DPRD sing dilantik yaiku Nyoto Adi Sucipto teka Partai Keadilan Sejahtera (PKS), ngganteni anggota Dewan wedok sak durunge yaiku Munatin. Bupati Arief Rahman uga ngaturi pitutur selamat lan ngarepake marang Dewan sing anyar agar bisa ngaturake kerjane sing apik kanggo mbangun tlatah Kabupaten Blora.
Mantan Ketua DPD Partai Keadilan Sejahtera (PKS) Kabupaten Blora, Santoso Budi Susetyo ngandakno dasare Anggota Dewan Komisi B teka Dapil Blora IV, Munatin sing diganti Nyoto Adi Sucipto, amarga Munatin duwe komitmen yen dadi Anggota Dewan Blora geleme mung setahun, mulane dewekne undur diri tepat setahun sawise dadi.
"Komitmen Ibu Munatin dadi dewan mung setahun, mulane mundur diri sawise kelakon, kinerjane bagus, disamping nggedekno suara PKS ning Dapil 4 sing oleh 7000 luwih, Ibu Munatin uga politisi ampuh ning dapil Kunduran, Todanan lan Japah, PKS banget kormate marang Ibu Munatin, penggantine Mas Nyoto iki uga politikus kawakan PKS, ping telu nyalon lagi kelakon iki, mugiyo tetep amanah membela orang lemah, jaga integritas Partai" aloke Mas Budi, panggilan akrab Sekretaris Komisi A DPRD Blora iki. (Rome)
.











0 Komentar