IKLAN


 

Monggo Sarongan Lan Jilbaban, Panganggo Pegawe Blora Ing Dina Jumat

Panganggo Adat Pegawe ASN lanang saben dina Jumat, nganggo sarung batik asli Blora

"Layang Bupati Blora mungguh penganggo ASN ning dina Jumat wis metu, mulai tanggal 2 Januari 2026 sesarengan sesarongan kanggo sing lanang, jilbaban kebayakan kanggo sing wadon"

Panganggo pegawe ASN Wedok ning Blora kanggo saben dina Jumat

Panganggo Dina Jumat
SAMINOTO, ME – Pemerintahan Kabupaten Blora wis netepke panganggo adat kanggo pegawe Aparatur Sipil Negara (ASN), layang sing kasebut Surat Edaran Nomor 025.1/1638 Tahun 2025. Layang iki mulai dilakokna mengko pas tanggal 2 Januari 2026, panganggo sarong, klambi koko, kuplukan kanggo sing lanang, jarikan kebayak lan jilbaban kanggo pegawe wedok saben dina Jumat ning kabeh kantor Pemkab Blora.

Katetepan iku tinuju kanggo pangerten ajining pegawe ASN Blora sing duweni adat kabudayan Jawa Tengah sing religius nanging ugo nglaras karo semangat kemajuan jaman. Kawicaksanaan iki uga kanggo nerusake layang teka Surat Edaran Gubernur Jawa Tengah Nomor B/800.1.12.5/83/2025, sing isine pada yaiku panganggo dines ASN bendinane.

Minangka Bupati Blora, Arief Rohman negeske yen panganggo adat iki gak mung kanggo seragam kerja ASN, nanging uga dadi sarana nguri - uri budaya asli, utamane batik asli Blora, mratikeli kanggo nguwatna nek ASN iku dadi pelayane masyarakat.

Lanang Sarongan Wedok Jilbaban
Ning sajeroning layang iku kasebut, tata cara pegawe ASN lanang, iso nganggo panganggo adat kaya santri, contone kemeja krah ngadek sing koyo klambi koko, atau krah shanghai, lengen dawa utawa endek, warnane putih, ngisorane nganggo sarong batik asli Blora. 

Conto liyane panganggo klambi batik asli Blora, lengen dawa utawa endek, ngisorane tetep nganggo sarung batik asli Blora. Panganggo ASN iku uga dilengkapi pratandha resmi. Pegawai lanang oleh nganggo kupluk, lan sandalan selop, sepatu sandal, utawa sepatuan.

Ewodene kanggo pegawe ASN wedok, panganggo adat sing ditetepno yaiku klambi gamis batik atau klambi batik asli Blora, wernane los alias bebas, utawa nganggo klambi polos warna putih nganggo ngisoran  batik asli Blora. Utawa nduwuran batik asli Blora, lengen dawa utawa endek, ngisorane uga batik asli Blora ukuran dawa nganti ngsor dengkul utawa sampek kencet sikil. Panganggo tetep diwenehi pratandha resmi.

Kanggo pegawe ASN wedok sing jilbaban, diwajibke nganggo jilbab polos sing wernane dipadakna karo nduwuran, nganggo sandal selop utawa sepatuan.

Panganggo Dines Lapangan
Nanging Pemkab Blora uga menehi aturan panganggo pegawe ASN sing dinese khusus, yaiku Kantor Bidang Perhubungan, Penegakan Peraturan Daerah lan Ketertiban Umum koyok Satuan Polisi Pamong Praja, Pemadam Kebakaran lan Badan Penanggulangan Bencana Faerah, Pelayanan Kesehatan.

Pengecualian kasebut mau ditentokna amerga nganggo nimbangke tujuane dines yaiku keselametan, fungsionalitas, lan kebutuhan pelayanan warga sing kudu diutamakake.

Bupati Blora Arief Rohman uga ngandakna dening para kabeh Kepala OPD, supaya nglakokna pembinaan lan pengawasan kanggo ditrapnane aturan panganggo adat pegawe ASN ning kantore dewe - dewe, maspadakna kudu isa dilakokna kanthi becik lan miturut layang sing diteken Bupati langsung, diwetonke tanggal 30 Desember 2025 wingi. (Hms/SMN/me)


Posting Komentar

0 Komentar